RARA KEMBANGSORE 9

Ing Kadipaten Bethak, wayahe trontong-trontong para esuk... Geger aneng kadipaten amarga tanpa dinuga, para warga Bethak kaget dene ana prajurit Majapahit wis macak baris ngepung ndalem Adipati Bedhalem, lan Ki Patih piyambak ingkang rawuh ing ndalem Kadipaten...

Ki Patih: Kula Nuwun Raka Adipati, ingsun saka kutharaja Majapahit kang rawuh... Amung ngestoka'e dawuh ndalem supaya ngajak penjenengan asung tanggung jawab bab sedane Pangeran Lembupeteng putra nandalem Prabu Brawijaya..!!!

Sora lan bantas swarane Ki Patih aneng njaba kori ndalem kadipaten...

Kocapa Adipati Bedhalem nggreweli sarirane, lan Adipati Kalang mlipir-mlipir arep ngoncati papan, lan kaya ora srantan Ki Kasan Besari kang ngepasi aneng kono gage mbukak kori, nedya nantang campuh perang...

Kyai Kasan Besari: Mangga Ki Patih, sampeyan napa badhe ndadosaken bandhan Adipati Bedhalem..?? Sami ngilani dadanipun Kasan Besari.... Ngga nek pada lanange, kula tantang sampeyan adu katiyasan... Nek Besari menang, sampeyan wangsul teng Majapahit sak prajurite... Ning nek kula sing kalah, sak karep mawon sampeyan badhe nindak'aken paukuman dateng Adipati Bedhalem...

Sakala jajabang mawinga-winga ki Patih bareng mireng panantange Ki Kasan Besari kang ugal lan kasar... Kalpika Prabu Brawijaya di acungke neng nduwur mustakane karo ngendikan,

Ki Patih: Heh Besari, iki kalpika tandha resmi ingsun duta amungkasi... Yen tak gagas lan dak larik, sikepe Adipati Bedhalem karo Kalang iki mestine mung melu-melu kowe Besari... Kowe wis ngilani dadabe Patih Majapahit.. Yaa... Tak gawe lega atimu, wetokno kabeh kadigdayanmu Besari .....!!

Bareng ngendikan mangkono Ki Patih kang pancen dhug-dheng kuwi mencolot golek nggon bawera... Ing kalodhangan kuwi Adipati Bedhalem ngunek'ake tandha yen prajurit kadipaten uga ngadhepi prajurit Majapahit... Perang campuh wis ora bisa dicegah... Ning prajurit Mahapahit pancen jejere satriya tama kang wis di gembleng dening Ki Patih... Kudu ngayomi para kawula, dadi perange prajurit mungsuh prajurit, senapati mungsuh senapati... Adipati Bedhalem tandhing katiyasan karo Adipati Menak Sopal... Dene Adipati Kalang mlipir-mlipir menyang kaputren ....

Ana Candhak'e...