RARA KEMBANGSORE 8

Kocapa, Rara Kembangsore cumondok aneng gubug dhadhuk nanging tentrem... Saben ndinane ewang-ewang Simbok olah-olah lan reresik... Yen wes ora ana penggaweyan, Rara Kembangsore munggah gumuk kang aran gunung Budheg, ngisis ing silire angin, nyawang ijone godhong pari ing bawerane pesawahan... Yen kelingan kekasih kang wis disedani ramane, sunar netrane nalika ne arep pecat sukmane, nggembol lara ati, uga kasedihan kang tanpa daya........ Ora lila ninggalake Rara Kembangsore kang ditresnani... Yen kelingan kuwi, dleweran eluhe Rara Kembangsore... Samangsane mak sliyut kesaput nendra, sang Pangeran ajeg ngrawuhi lan ngrum-rum nelak'ake yen isih sesandhingan.......

Lembu Peteng: Nimas pepujaningsun, wong ayuu... Aja ajrih atimu... Aja sumelang amarga Kakang ora nilar sliramu... Aku tansah mbujung tresnamu... Nadyan wis seje panggonanku.. Ning ingsun mesti rawuh ing supenamu, nini... Biraten duhkitamu... Lembu Peteng ora lelamisan dolanan atimu... Ayo nimas, isih dawa lelakonmu......

Gragap ....!!! Rara Kembangsore wungu, sajak ora karenan ing penggalih dene impen endahe jugag, merga krasa lengene di cablek uwong... Jaka Bodho anak'e Embok sumusul munggah gumuk karo ingah-ingih...

Rara Sungsang/Kembangsore: Enek apa Kakang sumusul mrene...?? Yagene mau genah di utus simbok ngarit ing pinggir alas kae..??

Jaka Bodho: Hik hik... Nduk, kowe ayuu... Kowe gawe aku ora jenak mangan lan turu... Kemranyas awakku yen ndulu kowe Nduk... Ayoo ladenana aku neng gubug kuwi yoo.......

Jaka Bodho omong karo tangane nggeret Rara di ajak lekoh aneng njero gubug nduwur gumuk...

Gage wae Rara ngipatake tangane karo mbengok gamigilen....

Rara Sungsang: Eh kakang, aja cluthak njarag nistha mbok kira aku wadon apa gelem-geleme nuruti kelakuanmu kang murang tata... Wis jamak priya tresna marang wanita, ning kudune ora nilar subasita ..."

Jaka Bodho: Eh ...eh ... Genduk, aja ethok-ethok lali... Kowe sing kesurang-surang wayah bengi mara pasrah raga marang aku.... Kae, bengi-bengi kae ....he he hehh...

Rara Sungsang: Oh... Kojor aku ketemu wong kenthir... Aku ora soroh raga marang kowe kakang, ning aku nyuwun pitulungan Simbok... Aja lali, sing mbukak lawang sepisanan ki Simbok, dudu kowe.... Kepingin dadi bojoku ana syarate kakang....

Rada geter suwarane Rara Sungsang olehe menggak kekarepane Jaka Bodho sing pancen "kurang" beres jiwane...

Jaka Bodho: Apa syarate, Nduk..???

Rara Sungsang: Merga kowe ki wong lanang kang kenyih, dahwen, open sarta seneng nrambul gunem... Kanggo sedina iki si kakang kudu aneng kene lan mbisu ora caturan nganti sandyakala... Sanggup apa ora..??

Ora dipikir dawa, bethek'e selak kemecer, Jaka Bodho nayogyani panjaluke Endhuk...

Jaka Bodho gage lungguh thelok-thelok aneng gubuk ngenteni sore, atine ayem... Dene Rara Sungsang gage mulih, kalunge dilolosi dipapane ing nduwur bantal... Nyaut busanane keputren mlayu metu saka papan kono.... Ngumbara maneh ngetutake jangkah kang kaya dituntun jawata...

Bareng nedhenge srengenge arep nglewang mangulon, Simbok krasa sepi.... Neng ndi anak-anak'e..?? Biasane wis sore nglumpuk mangan bareng...

Simbok: Nduuk .....Leee ....nyang endi kowe..?? Gi lo embokmu kijenan...

Pambengok'e mung gawe kagete peksi lan di tampel nggampeng pinggir sawah... Ora ana kang semaur... Gage Simbok munggah gumuk, ora lidok si Jaka isih panggah kelop-kelop ora semaur...

Simbok: Kowe ki gek nyangopo..?? Ana wong tuwa bsngak-bengok kok ora semaur..?? Lhah endi Gendhuk..??

Sing di takoni mung kethip-kethip... Ngono kuwi Simbok takon bolak-balik ora diwangsuli... Suwi-suwi jengkel atine, metu sepatane ...

Simbok: Woh...bocah ora nggenah, ditakoni wong tuwa panggah mbisu wae, KOYO WATU.....

Jedherrrrrr gludhug ......gludhug..bresss..!!! ditampani udan deres kaya di sok'ake, mbarengi wujude Jaka Bodho malih dadi watu...

Ana Candhak'e..