RARA KEMBANGSORE 10

Mlipir-mlipir tekan ndalem keputren Pangeran Kalang mlebu sak wuse uluk salam... Raden Ayuu Retno Mursada di tut wuri Rara Inggit rayine pada nemoni...

RA Mursada: Ada parigawe apa Dhimas Pangeran, sliramu kudune mimpang perang karo rakamu kok malah mrene..??

Pangeran Kalang: Pangapunten Kang Mbok, kula diutus Kang Mas Bedhalem mboyong panjenengan jengkar kadipaten... Margi perang menika saget damel pituna piyantun putri kados Kang Mbok saha diajeng...

RA: Mursada: Lha aku arep mbok ungsekne neng ngendi, Dhimas Pangeran..??

Pangeran Kalang: Wonten panggenan ingkang aman, Kang Mbok...

RA Mursada: Ah .... Aman kanggomu durung mesti aman kanggoku Dhimas.. Wis saiki sliramu sabiyantu Kang Mas Adipati ngrabaseng mungsuh kana.. Dene aku karo rayi Inggit tetep aneng kene wae... Aku isih percaya yen prajurit Majapahit isih kukuh dadi satriya tama kang sabela mring kautaman... Dudu golongane kecu utawa rampok....

Raden Ayuu Mursada wis apal marang lageyane rayi kaipe sing cluthak kuwi... Matur karo netrane kober pendirangan menyang Rara Inggit... Rada kacipuhan Pangeran Kalang mireng ngendikane Raden Ayuu Mursada... Ing batin misuh-misuh ning pasemone ora kawistara...

Pangeran Kalang: Inggih Kang Mbok.... Inggih, ngesto'aken, ananging penjenengan sampun jengkar saking ndalem kaputren... Kangge kawilujenganipun penjenengan kekalih...

RA Mursada: Matur nuwun Dhimas... Sliramu wis nggatek'ake keslametanku ...

Hhmm... titenono ngko bengi, yen durung necep madune Rara Inggit, dudu Kalang kang kondhang.... Sing ana ing pikirane Pangeran Kalang mung mburu kasenengane pribadi...

Ananging Raden Ayuu Mursada wis cukup tanggap, gage-gage ringkes-ringkes mas-masan paringane garwane uga kagungane dewe karo ngendikan marang rayine...

RA Mursada: Diajeng, ringkesen sakwernane sesotya darbekmu, uga sandangan sak cukupe... Ayoo saiki uga aku karo sliramu mlajar, luwar saka kadipaten... Aku duwe pangrasa, awak'e dewe nemu alangan yen tetep ana kadipaten Bethak, ayo ngungsi menyang Trenggalek wae.... Sebab Kakang Mas Bedhalem pancen niyat duwe trekah mbalela... Aku arep nyuwun pangayoman mring Adhimas Menak Sopal ing Trenggalek...

Rara Inggit nggreweli yen kemutan esem lan liring netrane Pangeran kalang kang ngemu teges nggegirisi tumrape kenya ayuu kuwi...

Ana Candhak'e..