RARA KEMBANGSORE 7

Bareng samaptaning prajurit cacah 15.000 di budhalake menyang Kadipaten Bethak panggonane Adipati Bedhalem, terus menyang Tanggul Angin nggone Pangeran Kalang lan dibablasake menyang Tunggul nggone Kyai Kasan Besari kang uga niat mbalela madheg kraman marang negara Majapahit, uga wis kumawani nyedani putra nata tanpa nganggo pranatan kang sakmestine... Adipati Bedhalem lan Pangeran Kalang kudu nanggung pranata Kutaramanawa ( KUHP ), amarga wis nindak'ake rajapati putra nalendra...

Ing Kadipaten Bethak dewe kahanan dadi umyek... Sekar Kadipaten Bethak yaa Rara Kembangsore lolos saka kaputren.. Si ibu Raden Ayuu Mursada tansah muwun lan ngrerepa marang garwane supaya sumusul Rara Kembangsore lan uga nungkul pasrah raga menyang kedhaton Wilwatikta... Panyuwune Raden Ayuu Mursada kuwi sing marak'ake tansaya murinane Adipati Bedhalem...

RA Mursada: Kakang Mas Adipati, kula kecalan gendhuk Kembangsore kados kecalan nyawa... Pedah menapa Retna Mursada gesang menawi mboten wonten genduk Kembangsore...

Adipati Bedalem: Yoh.... Tak parengake kowe mati, timbang ingsun dadi wong lanang ringkih nyembah Majapahit...

Karo ngunus curiga nedya nglunasi garwane dewe... Ning gage Pangeran Kalang karo Kyai Kasan Besari nyikep anggane Adipati Bedhalem kang waringuten kebak kanepson...

Pangeran Kalang: Sekedhap Kakang Mas, nyuwun duka, kula mboten badhe nglancangi wewenang penjenengan dumateng garwa... Kula namung ngemutaken, bilih Kakang Mbok dipun utus ngrantos wonten senthong kemawon... Kula ingkang badhe ngrimuk manahipun saha ingkang madosi gendhuk Kembangsore ingkang jengkar kadipaten...

Lambene janji manis, ning mripate ngethipi Kyai Kasan Besari kang tanggap marang kekarepane Pangeran Kalang kang julig sugih akal...

Kalane Adipati Bedhalem wis dirum-rum atine, banjur rundingan kepriye lan apa kang kudu ditindak'ake ngadepi wadyabala Majapahit mengkone...

Dene Pangeran Kalang, meneng-meneng duwe kekarepan seje... Ngetut tindak'e Raden Ayuu Retna Mursada menyang keputren... Ana piyayi putri kang isih timur, lan ayuu pasemone, yakuwi warandhane Pangeran Arya Bungkal... Isih rayine Raden Ayu Mursada...

RA Inggit: Oh.. Kang Mbok, kadospundi pepuntone rembag..?? Wonten pundi gendhuk Kembangsore..??

Karo muwun, keng rayi diruket kenceng... rada kamisosolen anggone ngendikan...

RA Mursada: Adhiku wong ayuu, Diajeng Inggit... Kakang Mas Bedhalem malah arep nyedani aku... Hik..hik... Aku wegah aneng kadipaten yen ora ana Kembangsore...

Ora ngerti yen Pangeran Kalang wis ana sak mburine Raden Ayu Retna Mursada, atine rada kumesar nyawang putri setengah yuswa ning isih ayuu lan bening pasuryane...

Pangeran Kalang: Kang Mbok saha Diajeng, panjenengan sareh rumiyin, kula ingkang tanggel jawab wangsulipun genduk Kembangsore... Mangga panjenengan kekalih nengga pawartos saking kula...

Alus ature akeh-akeh, Pangeran Kalang manuhara leh ngrimuk karo nyimpen wewadi kang mung diri pribadine kang mangerteni...

Bisik-bisik Kyai Kasan Besari, Pangeran Kalang lan Adipati Bedhalem ngrencanaake kraman, lan arep nekak'ake gerombolan kecu lan rampog dhug-dheng nguwati barisan kraman, niat luwar saka panguwasane Negara Majapahit...

Ana Candhak'e...