RARA KEMBANG SORE 6

Rara Kembangsore terus tindak nganti marga kang diliwati kesaput pepeteng.... Lepas saka mbulak, ing kadohan kaya ana pepadhang geni senthir jroning omah gedheg...

Kembangsore: Kulanuwun.... Ingkang gadhah griya, mbok kula dipun tulungi too...

Sing duwe omah: Sinten niku...?? Dalu-dalu kog tasih sanja nggriyaning tangga..?? Sengol jawabe sing ing njero omah...

Kembangsore: Sepuntene mbok... Kula nedhi tulung...

Omah dibuka, ditiling-tilingi rupane... Kog bengi-bengi ana wanodya ayuu nothog omahe...

Kembangsore: Nyai, nyuwun pangaputen dene dalu-dalu sampeyan kula repoti... Mbok kula nyuwun palilah sampeyan badhe nderek nyipeng wonten mriki...

Sing duwe omah: Mlebet, mlebet Masrara.. Saget, saget jengandika cumodok wonten mriki..

Nini tuwa mau ngucap karo maspadak'ake pasuryane Rara Kembangsore kang isih katon ayuu luwes trah kusuma rembesing madu...

Sing duwe omah: Lha panjenengan menika sinten, Masrara..??

Olehe lenggah ing dipan ing njero omah kuwi sukune dislonjorake, enggal aweh wangsulan....

Kembangsore: Kula Rara Sungsang saking nagari kleyang kabur kanginan.... Duh mbok, kula tiyang estri ingkang nedheng kapidara... Mangke menawi pikiran kula sampun lejar, sampeyan kula sanjangi sinten kula menika....

Sing duwe omah: Oh...inggih-inggih Masrara, panjenengan lerem wonten mriki kemawon. Ning, kula tiyang mlarat, mboten saget nyugata ingkang sae... Masrara, kula namung gadhah uwi kaliyan mbothe menika, mangga di dahar, kula damelaken wedang sere...

Wiwit kuwi, Rara Kembangsore cumondhok ing panggonane nini-nini ing ndeso Gempolan, lan ngaku jeneng Rara Sungsang...

Kocapa Adipati Menak Sopal wus tekan ing nagari Majapahit... Kang rawuhe ngaget-ngageti para prajurit lan sentana keraton, Amarga nggawa kunarpa...

Ringkes critane, kang ndadek'ake murina Sang Prabu Brawijaya, dene ana Adipati kang niat madheg kraman kumawani mejahi salah sijining putrane kang rada katengen... Gage ngutus Sang Patih samapta ngerigake prajurit pilihan limalas ewu cacahe sigra numpes Kadipaten Tunggul, kadipaten Bethak kang nedya madheg kraman alias brontak nedya uwal saka nagari Majapahit...

Lakune para prajurit kang di pandegani Sang Mahapatih lan para Senapati peng-pengan...

"Awas Adipati Bedhalem, awas Pangeran Kalang, atinen piwales tumindakmu....." Pangigite Sinuwun Prabu Brawijaya..

Ana Candhak'e...