RARA KEMBANGSORE 5

Ora kayaa sedhihe Adipati Menak Sopal ndulu wekasaning lelakone Pangeran Lembu Peteng kang isih muda taruna.... Apa maneh ndeleng mbeseseg tangise Rara Kembangsore.. Waspane tumetes tetes ora ana mandhege...

Menak Sopal: Wis... Wis nimas, kabeh iki amung pepesthene jawata, ikhlasno Pangeran kekasihmu iki seda... Kunarpa iki arep ingsun gawa menyang Majapahit saiki uga... Lan sliramu karo prajuritku iki kersaa bali cumondhok aneng Kadipaten Trenggalek wae... Neng kana ana bibimu, lan ibumu Raden Ayuu Mursada uga boyongen pisan... Amarga sedela engkas kadipaten Bethak lan Tunggul bakal dadi karangabang katumpes wadyabala Majapahit...

Kembangsore: Paman Menak Sopal ingkang kula kormati, matur nuwun sanget dene panjenengan welas dateng pun Kembangsore... Kula mboten badhe wangsul ing Bethak, mangke ibu Mursada sampun mangertos wonten pundi badhe madosi kula....

Karo dleweran eluhe Rara Kembangsore matur maneh menyang Adipati Menak Sopal...

Dene ature, Kembangsore: Paman Adipati, titip kunarpanipun Kakang Mas Lembu Peteng, saha penjenengan ngendikan bilih Kakang Mas Lembu Peteng seda kaprajaya pangroyokan Adipati Bedhalem ingkang dahar pitenahipun Pangeran Kalang ingkang nyata badhe kraman njugag kawibawanipun Nagari Majapahit....

Menak Sopal: Iyoo iyoo...nimas.... Terus sliramu arep tindak endi..??

Geter ngendikane Adipati Menak Sopal araos trenyuh banget manahe...

Kembangsore: Paman ....... Kula badhe kesah nentremaken jiwaraga, atur sesaji saha pandonga dumateng Kakang Mas Lembu Peteng, dene wonten pundi, mangke gumantung sayahing suku.....

Ature Rara Kembangsore karo mesem sedih...

Menak Sopal: Nini Kembangsore... sakersamu, ingsun ora bisa njampangi lakumu... Ingsun amung bisa memuji ndongak'ake gancar nir ing sambekala sak lakumu... Sliramu bakal oleh pangayoman saha sihing Gusti Ingkang Maha Agung... Wis yaa nini, mesak'ake kunarpane Pangeran Lembupeteng yen kesuwen ora dirukti... Mugi sliramu lan ingsun bisa pepanggihan maneh ing wektu kang minulya ing tembe.... Den ngati-ati sak lakumu nini Kembangsore...

Kembangsore: Inggih Paman Adipati, derek asung pamuji... Sembah sungkem kula katur Prabu Brawijaya ing Wilwatikta ......

Matur ngono, astane ngelus pipine kunarpa kang wis adhem...

Kunarpa dipangku ing gigire turangga coklat ireng kang gagah titihane Adipati Menak Sopal, digelak sebat tumuju pura Majapahit ing Trowulan...

Dene Rara Kembangsore kang atine tumlawung kapedhotan sih, ndekep jajane kiwa... Ana lading tembus jantunge... Lan lara ati iki ora bisa disapih... Embuh nganti kapan...

Ana Candhak'e...