RARA KEMBANGSORE 4

Pancen digdaya Pangeran Lembu Peteng, sing dikroyok rame-rame ndadek'ake keseser yudhane... Kadta Raden Abimanyu ing palagan Kurusetra kang di kroyok kinupeng Kurawa kang ngerah patine... Apamaneh Pangeran Kalang tansah ngenteni kalodhangan wektu kanggo mbokong, ora perduli jejering prajurit utama... Lan ... Wektu kang rinasa pas, rikala Pangeran Lembu Peteng endha saka panggonja'e keris Kalawelang kang diasta Adipati Bedalem, Pangeran Kalang saka mburi njojohake tumbak.... Sakala tembus pas jaja kerine, nembus jantung... Saka ngarep lambunge kena dijojoh Keris Kolowelang... Alon anggane dhawah ing siti, lan bisik'e..........

Lembu Peteng: Pangapuramu Kembang Sore, aku ora bisa nindhak'ake janji tresnaku... Kembang Sore..... Aku tresna sliramu, ooohhh...

Adipati Bedalem njegreg mirsani keris Kolowelang kang isih gubrat ludira, lan manter netrane mirsani pasuryane Pangeran Kalang kang ingah-ingih...

Adipati Bedalem: Dhimas Pangeran Kalang.... Katiwasan, iki rajapati putra nalendra... Ayoo enggal kabucal kunarpane, lan siyaga samaptaning jurit... Mesti ana pawarta menyang Majapahit ngenani matine Lembu Peteng iki...

Pangeran Kalang: Huh... Kula ngerid Prajurit Tunggul ugi Kakang Mas, sampun cekap kekiyatan kangge uwal saking panguwaos Majapahit, Kakang Mas ....

Kunarpane Pangeran Lembu Peteng diseret banjur dibuang sebrung ing kali.... Kang ing tembe kinangaran Kali Lembupeteng...

Kocapa Rara Kembangsore wis wungu anggone kantaka, eling kekasihe... Banjur jranthal mlajar saka kaputren Bethak... Banjur tatanya prajurit lampahe di urut ing tepining kali.... Karo atawang tangis kunarpane Pangeran Lembu Peteng dietutake kintir ing kali karo dleweran waspane.... Wusanane, Kunarpa temangsang kapenggak watu item, tolah toleh ora ana kang bisa dijaluki tetulung... Rara Kembang Sore banjur ndeprok atawang tangis....

Bareng srengenge meh gumlewang mangulon, cahyane gumilang ing banyu kang mili anteng, kapireng kumeproke jaran... Bareng mandheg ing sisihe kang lagi nandhang sungkawa, ana swara anteb kamiwelasen ndulu kahanane putri kadipaten kuwi... Adipati Menak Sopal sakala mandhap lan nyelaki kang lagi kapidara...

Adipati Menak Sopal: Nimas Kembangsore, darunane apa sliramu atawang tangis ing pinggir kali iki..??

Tumoleh Rara Kembangsore, sakala nubruk sukune Adipati Menak Sopal kang wis ditepungi minangka priyagung kang alus bebudhene...

Kembangsore: Aduh paman..... Paman Adipati, kula nyuwun tulung prayoginipun panjenengan pundhut kunarpanipun Pangeran Lembu Peteng ingkang sampun disedani Paman Pangeran Kalang kaliyan Rama Adipati Bedalem menika......

Adipati Menak Sopal: Hah ...??!! Pangeran Lembu Peteng..??!!

Kagyat tan kinira Adipati Menak Sopal sumerap kunarpa temangsang ing watu item tengah kali... Gage cancut ngawe prajurit pangiringe supaya ngrukti kunarpa kaningaya kuwi...

Ana Candhak'e...