RARA KEMBANGSORE 3

Kebrongot manahe Adipati Bedalem kang pancen gampang kobar, katambahan palapurane Adipati Kalang kang julig pinter mitenah... Dadine karo pasuryan mangar-mangar, ngunus Keris Kolowelang di agag-agagi neng pasuryane Pangeran Lembu Peteng...

Kocapa, Rara Kembangsore weruh ramane ngemu duka, atine banget ajrih lan sumelang... Gage ngadhang aneng ngarepe Pangeran Lembu Peteng semu dadi tameng, matur marang ramane..

Kembangsore: Aduh rama, nyuwun agunging pangaksami pun Kembangsore ingkang lepat, Kang Mas Pangeran Lembu Peteng menika madosi buron ingkang tapak'ing turangga lumebet tamansari menika.....

Adipati Bedalem: Sumingkira Kembangsore, kowe sing yekti putri sinengker sekar kadipaten ora bisa njaga diri... Kendho tapihmu, nyah nyoh marang priya sing nadyan putra nalendra ananging alaku durjana lan tumindak nistha...

Semu pangingit olehe pangandikan, malah anggane putrine disepak klumah dadi panjerite para parek'an kang ndulu wengise Adipati Bedhalem...

Kocapa bareng sang kekasih kang wus sabela dipala kanjeng ramane, kejot lan sedhih manahe Pangeran Lembu Peteng... Gage gurawalan arep rinangkul ning kedisik'an mencolote Adipati Bedalem... Agehan rinobyong para emban, Rara Kembangsore di bopong menyang lebet kaputren...

Adipati Bedalem terus ngrangsang soroh amuk ora menehi kalodhangan mbela diri... Saka mburi Pangeran Kalang nedya ngrunduk Putra Majapahit kang digethingi kuwi...

Nanging, Pangeran Lembupeteng ora ninggal kaprayitnan... Enda saka curigane Adipati Bedalem, sukune cukat trengginas nyaut jajane Pangeran Kalang kang arep tindak culika, nggeblak sakala.... Nanging Adipati Bedalem karo prajurit kadipaten wus ngrumpyung ngroyok ngerah nyawane Pangeran Lembu Peteng...

Nalika ana kalodhangan papan, cukat trengginas Pangeran Lembu Peteng metu saka tamansari, ning yaa ngono, sepuluh prajurit kadipaten sak Adipatine sumusul ngepung sang pangeran...

Pancen nyata digdaya Pangeran kang isih muda taruna kuwi, gawe gawok'e Sang Adipati Bedalem... Nanging palapurane rayine yaa Pangeran Kalang, ndadek'ake kesumat ing penggalihe Sang Adipati...

Ana candhak'e...