RARA KEMBANGSORE (2)

Dasar tir pada irenge, lelorone isih pada tarunane... Katalompen nilar kaprayitnan, Rara Kembangsore wis ambyuk ing dadane priya pideksa Pangeran Lembu Peteng... Kesupen tujuan sakawit yen mburu durjana Padepokan Banarawa, Pangeran Lembu Peteng katrem ing asmara lan nibak'ake janji asmaranda mring kusuma ayu Kadipaten Bethak...

Kocapa... Bareng pirang-pirang wektu wus mungkur, Pangeran Kalang mlipir-mlipir, dedemitan metu saka tamansari, arep gawe palapuran kang bakal nyilaka'ake kang pada karonsih.

Lembu Peteng: Nimas Kembangsore .... ingsun gya mapag rawuh maneh ing kene, karo Kanjeng Ramaku... Saiki ingsun isih kudu minangkani pamundute Guru Kyai Pacet ing Banarawa mbirat duratmaka Kyai Kasan Besari ing Tunggul dalah pamanmu si Pangeran Kalang kang ninggal glanggang colong playu rikala adu katiyasan...... Sabara disik yaa wong ayuu, antinen rawuhku... Saiki culno pangruketmu... Ingsun mangerteni kang cumondhok ing pangrasamu...

Kembangsore: Kakang Mas Pangeran, kula percados menawi penjenengan sanes piyantun ingkang namung lelamisan, namung kula ajrih saha kuwatir... Paman Pangeran Kalang menika kondhang wengis saha julig kathah akal kangge maeka tiyang ingkang dipun seriki... Kakang Mas, ngatos-atos, pun Kembangsore tansah ngrantos paduka kanthi kasetyan ingkang tulus ....

Banyu mata kumerlap pinda barleyan netes ing pipi alus, anggles pangrasane Pangeran Lembu Peteng nyawang kekasih kang mentas diprangguli ing dina iku... Abot manah lan sukune arep ninggal tamansari... Kaelus rikmane, di usap lembut bening kang tumetes... Panyawange Kembangsore katon sedih, keteging jantung kaya ngandhak'ake yen bakal ana kadadeyan kang ngeres-eresi..... Nanging apa, abot tinilar kekasih kang dadi kembange impen sak durunge...

Dumadakan, pating bedhegus, taman kaputren wis kinepung baya mangap prajurit kadipaten Bethak nedya arep mrejaya Pangeran Majapahit kuwi...

Adipati Bedalem: Ohhh..... Dasar setan jajalaknat kowe Pangeran Lembu Peteng..!!! Drajade putra ratu ning kowe ninggal trapsila... Kumalancang anjejemberi kaputren, alaku sedheng atindak murangtata agawe wirang ngrusak kasucening putriku genduk Kembangsore...

Sora ngemu kesumat, swarane Adipati Bedhalem kang kobar jajabang mawinga-winga karo ngunus curiga (keris)...

Ana candhak'e...