RARA KEMBANGSORE...

Putrine Adipati Bedalem ing Bethak kondang sulistyane, alus bebudene... Lan tansah di tresnani kabeh kawula ing Kadipaten Bethak kono...

Nalikane lagi ameng-ameng lelagon aneng taman keputren dumadakan ana priya bagus pidheksa sajak thingak-thinguk bingung ..... Rara Kembangsore utusan Biyung Emban supaya nyuwun pirsa, sapa lan apa kang diupadi kog bisa kesasar menyang keputren...

Biyung Emban: Duh Raden, nyuwun gunging pangaksami... Kula Emban Utri badhe nyuwun pirsa... Penjenengan menika sinten, lajeng ingkang dipun kersa'aken menapa..?? Kog penjenengan wantun rawuh ing kaputren panggenanipun putri sinengker..??

Pangeran Lembu Peteng: Duh Biyung Emban... Pangapuramu sing gedhe... Ingsun Pangeran Lembu Peteng saka Majapahit, kesasar menyang kaputren iki, amarga buroningsun Pangeran Kalang dak lari nuju papan iki....."

Karo atur sembah, Biyung Emban matur maneh,

Biyung Emban: Wah, duka inggih Gusti Pangeran, mangga panjenengan ngendikan piyambak dumateng Gusti Putri Kembangsore..." Gusti Putri, menika Pangeran Lembu Peteng saking Majapahit ingkang rawuh, mbok menawi badhe mundut pirsa dumateng panjenengan ....Gusti ..."

Pangeran Lembu Peteng: Nimas wong ayuu, pangapuranen ingsun yayi... Iyaa, ingsun putra Majapahit, asmaningsun Lembu Peteng... Arep mundut pirsa apa sliramu ora karenan ing penggalih dene aku kumalancang..??"

Kesemsem Pangeran Lembu Peteng pirsa kasulistyaning Rara Kembangsore... Kedhep tesmak anggone mirsani pasuryan kang kuning ngemu giring kang sajak'e kacipuhan...

Rara Kembang Sore: Kula Kembang Sore, putra putrinipun rama Bedalem ingkang ngasta panguwaos Kadipaten ing Bethak menika, Pangeran....."

Lembu Peteng: Nimas Kembang Sore, apa sliramu pirsa kemliwere buroningsun ing taman kaputren kene, kang ingsun bujung ki asmane Pangeran Kalang..??"

Kembang Sore: Oh...nyadhong deduka Pangeran...Menika Paman Pangeran Kalang rayinipun rama Adipati Bedalem... Nyuwun pangaksami Pangeran, kenging menapa panjenengan mbujung Paman Pangeran Kalang..???"

Ora krasa olehe imbal olah wacana dirungok'ake paraga kang mbungkuk kaling-kalingan gegodhongan ing njero tamansari, yo Pangeran Kalang kang maune tandhing tiyasa kalah kasekten karo Pangeran Lembu Peteng... Weruh sapatemon Rara Kembang Sore karo Pangeran Kalang, tuwuh trekah arep maeka lelorone... Amarga Paman kang deksura kuwi nggembol melik nepsu brai marang kepona'an kang ayu kuwi..... Megeng napas, Pangeran Kalang wedi kadenangan. . Ana chandhak'e...