RARA KEMBANGSORE 11

Pangeran Kalang bali menyang nggone bandayudha, ning ora ambyor njegur palagan... Nadyan weruh yen keng raka keseser yudhane campuh karo Adipati Menak Sopal... Malah dewek'e arep golek kalodhangan nindak'ake kaculikan, mbokong Adipati Trenggalek kang digethingi kuwi... Ning durung oleh wektu kang pas, dumadak'an Adipati Bedhalem mbengok sora merga sukune kena, kababat tombak'e Adipati Menak Sopal...

Menak Sopal: Nungkula klawan aris, Dhimas Bedhalem... Ingsun ora bisa merjaya mungsuh kang wis ora nduwe daya... Sliramu wis ora bisa apa-apa Dhimas..... Iki selendhang cindhe kanggo ngrangket sliramu sowan Majapahit..."

Adipati Bedalem: Huh....!!! Kang Mas Menak Sopal, kula mboten sagah dados bebandhan... Menawi jengandika ngersa'aken Bedhalem tumungkul Majapahit, mangga jasad kula mawon dipun asta... Hhhhhhhh....

Ngeses nggegirisi Adipati Bedhalem njojohake duwung piyandele marang jajane, tanpa bisa kacegah dening Adipati Menak Sopal kang kagyat tan kinira yen Adipati Bedhalem kukuh lan tatag mring tekade.... Rubuh siram ludira kaprawirane, Adipati Bedhalem gugur ndepani Kadipaten Bethak... Adipati Menak Sopal ndingkluk ngormati kunarpa prawira Adipati Bedhalem... Saka pandelik'an, Pangeran Kalang gemeteran...

Campuh bandhayudhane Ki Patih karo Ki Kasan Besari ngedhap-edhapi.... Lelorone pancen tetungguling ayudha... Ki Kasan Besari kang sesongaran kuwi ora ngira yen Ki Patih Majapahit kuwi uga nduweni ngelmu kang ngedhap-edhapi... Kaping pisan wae ora nate menehi kalodhangan marang Ki Kasan Besari.... Malah isih gawe pangeram-eram yen kagungan Aji Cleret Tahun kang nggegirisi.... Saben Ki Kasan Besari mbengok ngempak'ake Aji Gelap Ngampar, tansah jugag kena Aji Cleret Tahun kagungane Ki Patih... Lan tansaya suwi, Ki Kasan Besari tansaya muntab nesune, iki kang agawe cilaka merga ngurangi kaprayitnan... Seje karo Ki Patih kang tansah waspadha, lan nggunak'ake akal kanggo niteni pengapesane mungsuhe... Ki Kasan Besari nekat ngarah ngejak lampus bebarengan... Ora nganggo petung njlimet, wani maju ngarah janggane ki Patih nedya diremet.... Ning Ki Patih ora kersa lampus bareng... Tangane Ki Kasan kang kumlawe ditampel karo landeyan tombake Ki Patih ing asta kerine, dene astane tengen nggegem ngepel rapet kaisenan ajian Kumbalageni, nggedhor jajane Ki Kasan Besari... Nggerok sora Ki Kasan banjur nggebruk bantala tanpa mindho gawe... Sorak ambata rubuh prajurit Majapahit pikantuk kamenangan...

Gage Ki Patih ndalah para senapati gegancangan mbiwarake wara-wara supaya prajurit Bethak nungkul aris, kang bakal diparingi pangapura saking Prabu Brawijaya... Sakala para prajurit lungguh sila, lan nglolosi senjata... Klebu Pangeran Kalang kang ngrerepa nyuwun pangapura, lan matur gawe alasan yen kabeh mau pokal gawene Ki Kasan lan Adipati Bedhalem...

Ki Patih nadyan rada ora percaya mirsani praupane Pangeran Kalang kang culika, ning amung disidhem wae... Ki Patih isih duwe cara, ninggal sabregada prajurit Majapahit sak Senapati kapitayan saha prajurit sandhi kang tansah atur palapuran... Kadipaten Bethak diparingake Pangeran Kalang minangga tanggung jawabe... Girang gurawalan Pangeran Kalang ngambung astane Ki Patih.. Gage samapta reresik aneng Kadipaten Bethak... Ora ngira yen mbulan ndadari padhang njingglang neng atine Pangeran kang duwe ati durjana kuwi... Kadipaten Bethak sirep bali tentrem sauntara, ora ngerti isih ana geni marong ing njero atine Adipati Bethak sing anyar iki......

Ana Candhak'e...