RARA KEMBANGSORE 12

Ontran-ontran ing Kadipaten Bethak wis mungkur... Adipati Kalang kelangan, amarga Raden Ayuu Retna Mursada lan Rara Inggit, jengkar lolos saka kadipaten... Atine muring banget, amarga sedyane jugag, gagal... Punggawa, cethi parek'an diuring-uring ora genah... Dene emban kang isih enom darbe rupa ayuu, uga pada ngungsi kabeh... Amarga kabeh ngerti yen rayi Gusti Bedhalem kondhang nyunyuh...

Adipati Kalang utusan para prajurit nglacak tindak'e putri lelorone... Lan ora tanggung-tanggung, gawe wara-wara sok sapa wae sing nulung lan nampa putri lelorone bakal dipidana pati ing ngenggon... Anane wara-wara kuwi, para warga tansah nutup kori, lan ora bisa nampa tamu...

Lakune putri lelorone banget rekasa, nasak-nasak tegalan lan pesawahan... Ora wani liwat ratan gedhe, amarga krasa yen dibujung para andahane Kalang kang duwe niat ora becik... Ning, lakune kepeksa kandheg, amarga Rara Inggit sukune kesleo saengga ora bisa nerusake laku...

Rara Inggit: Kang Mbok, dospundi menika, kula ndelik wonten gubug ngajeng mrika mawon... Mbok menawi saget nampi kula.... Penjenengan netagaken lampah dateng redi Bolo sumusul Nimas Kembangsore... Kang Mbok, mbok menawi sae, menawi kita mlampah piyambak-piyambak kalih nlamur laku...

RA. Mursada: Diajeng Inggit, ayoo tak terke menyang omah gubug kae...

Rara Inggit banjur digendhong mburi dening Raden Ayuu Mursada tumuju menyang omah gubug pinggir sawah kuwi kanthi sempoyongan...

RA. Mursada: Kula nuwun, sinten nggih ingkang wonten lebet..??

Sing duwe omah: Kula Jeng.... Lho kenging menapa..??

RA: Mursada: Niki rayi kula Ki, sukunipun kesleo... Mbok menawi sampeyan gadhah beras kencur, badhe kula damelaken bobok rumiyin...

Ora kacarita Raden Ayuu Mursada tumandhang nambani sukune Rara Inggit pernah ugel-ugel kang dadi abuh gedhe...

Dumadak'an kapireng kumeprok'e jaran tumuju papan kuwi, kaget Retna Mursada, gage cukat Rara Inggit dikemuli, lan Rara Mursada lolos liwat lawang butulan kang bablas ing ngampeng kali cerung.. Ora dipaelu sandangane kang pating srompal...

Prajurit kang dipandegani Adipati Kalang dewe gage nindak'ake prentah... Lawang reyot didugang jebol sakala, ana aki-aki kang koplok ndulu prajurit kang briga-brigi pada mlebu gubug... Narik slimut sing lagi brukutan klawat ati ciut...

Pangeran Kalang: Lha dalah.....!!! Nimas pepujanku Rara Inggit... Hahaha...!!! Ora-orane bisa lepas saka Adipati Kalang... Piyee nduk, gelemo yaa dadi garwane Adipati Kalang..?? Hahaha...!!!

Rara Inggit keweden, saranduning badan gumrobyos riwe adhem, blangkemen ora bisa ngendikan... Astane Rara Inggit dicandhak cek, nedya diglandhang metu... Njerit sak nalika amarga kelaran...

Rara Inggit: Aduuh...!!! Suku kula sakit Kang Mas Kalang, ...aduh...!!!

Njomblak Pangeran Kalang weruh sukune Rara Inggit kang abuh mentheng-mentheng isih ana bobok teles.. Gagehan dipondhong ditumpa'ke gigire jaran, karo parentah.....

Pangeran Kalang: Ayoo Ca ....prajuritku, golek'ana Raden Ayuu Mursada...!!! Isih durung adoh saka panggonan iki... Aku ndisik'i menyang ndalem Kadipaten...!!!

Gage para prajurit sumebar nggolek'i, ning bareng Adipatine dewe nglungani, gage para prajurit uga ninggal omah gubug nyeje arah karo Adipatine... Atine prajurit Bethak isih ringa marang Raden Ayuu kang alus bebudhene... Kari aki-aki kang gedheg-gedheg ndulu polahe Adipati kang rada owah kuwi...

Kepriye kawusanane nasibe Rara Inggit kang kasil kacepeng panguasa Kadipaten Bethak kang wengis lan thukmis kuwi...

Ana Candhak'e..