Perang Diponegoro (Perang Jawa)... De Java Oorloog.. 1825-1830... Part 22..

Pamrentah Hindia Walanda lekas cubriya marang Sinuwun PB VI, sebab, Sinuwun ora kersa masrahKe sak perangan wilayah marang Landa... Mula, Walanda golek-golek alasan lan bukti kanggo ngrangket PB VI... Banjur, Walanda ngrangket juru tulis Keraton, Mas Pajangswara (Rama Dalem Raden Ngabehi Ranggawarsita) kanggo di jaluk'i katrangan..

Minangka anggota kulawarga Yosodipuro ingkang anti Walanda, Mas Pajangswara ora mbocorKe hubungan sesidheman antarane Sinuwun PB VI lan Pangeran Diponegoro.. Mula, Penjenengane di siksa dening Landa nganti nemahi pralaya.. Kabare, para warga nemokKe layone Pajangswara ing pesisir laut Batang..

Amarga Pangeran Diponegoro karangket, Sinuwun PB VI semplah penggalihe, lan ora kagungan pangarep-arep maneh.. Mula, ing wanci gagat raina 6 Juni 1830, Ingkang Sinuwun PB VI lan kondhang kanthi gelar Sinuwun Bangun Tapa, tindak menyang Parangtritis, kanthi meneng-menengan.... Banjur, Sinuwun PB VI nindakKe laku tapa ing Parangtritis..

Sinuwun PB VI arep ngubungke secara batin marang panguwasa Segara Kidul, Kanjeng Ratu Kidul.. Langkah iki di pundut Sinuwun, amarga Penjenengane kemutan lamun ing zaman kawuri, Raja-raja Mataram kaya dene Panembahan Senopati, Sultan Agung, lan kabeh para Ratu ingkang jumeneng Surakarta utawa Ngayogyakarta, asring nglampahi tapa brata ing Laut Kidul... Pihak Walanda saya kepingin ngrengkuh panguwasa pulau Jawa, lan saya temen anggone arep ngejur panguwasaNe Keraton Surakarta...

Rikala Landa ngerteni lamun Sinuwun PB VI tindak menyang Parangtritis, lan mung di derekKe dening abdi 2 kinasih, Walanda kaya pikantuk "peluang emas"..

Rikala Sinuwun PB VI wis prapta ing Parangtritis, Serdadu Landa langsung ngrangket Sinuwun... Wengi iku uga, Sinuwun PB VI di gawa menyang Semarang.. Pihak Gubermen mutusKe, Ratu Surakarta iku kudu di ukum buang menyang Ambon ing 8 Juni 1830... Pihak Walanda nyata'ake yen Mas Pajangswara (juru tulis Sinuwun ingkang sejatine wus di sedani dening Landa) wis mbocorKe kabeh wadiNe Ingkang Sinuwun, lan saiki wis mukti ing Batavia...

Senajan ing pambuangan, Sinuwun PB VI isih kagungan gegayuhan nerusKe perjuangan.. Sinuwun arsa manunggal klawan Sultan Ternate sing uga arep nglawan Walanda...

Di bantu dening Nona Kowi, anak Kwe Ko Hing, Sinuwun mlajar saka pambuangan tumuju Ternate... Nanging, durung nganti tekan Ternate, Sinuwun wis kecekel maneh dening Walanda ing 1 Juni 1849..

Walanda nganggep lamun Sinuwun PB VI wis nindak'ake tumindak ingkang mbebayani... Kanggo nyegah bebaya sing luwih gedhe lan ngancam pihak Walanda, Sinuwun PB VI yaa Sinuwun Bangun Tapa di adepKe marang Regu Tembak Tentara Kolonial Walanda... Mula, bareng klawan mbledhose Bedil Bakker Riffle, Ingkang Sinuwun Susuhunan Pakubuwono VI gugur...

Banjur, Gubernur Hindia Walanda gawe laporan resmi lamun Sinuwun PB VI seda ing Ambon jalaran "kecelakaan" nalika pesiar ing segara rikala 2 Juni 1849...

Nanging, ing 13 Maret 1957, rikala pasarean Ingkang Sinuwun di bongkar krana arep di pindah menyang Pajimatan Imogiri, di temokKe bolongan ing bagian mustaka Ingkang Sinuwun PB VI.. Miturut Jenderal TNI Pangeran Haryo Jatikusumo (Putra Dalem Sinuwun PB X), bolongan kasebut pas karo ukuran peluru bedil Baker Riffle.. Di pirsani saka mapane bolongan iki, cetha mokal yen Sinuwun seda Nglalu (bunuh diri) apa maneh "kecelakaan" rikala pesiar.. Ratu Surakarta iku di pasthekKe yen seda di tembak ing bagian mustaka... Banjur, ing 17 November 1964, Sampean Dalem Ingkang Sinuwun Kanjeng Susuhunan Pakubuwono VI di tetepKe minangka Pahlawan Nasional dening Pamrentah Republik Indonesia...

Tamat...