Perang Diponegoro (Perang Jawa).. De Java Oorloog.. 1825-1830.. Part 21...

11 April 1830, rombongan Diponegoro wis tekan Batavia... Rombongan iki banjur di tawan ing Stadhuis.. 30 April 1830, Van Den Bosch mutuske Pangeran Diponegoro, Raden Ayuu Retnoningsih, Tumenggung Diposono, garwa lan penderek'e di buang menyang Manado...

Rombongan iki tekan ing Manado 3 Mei 1830... Banjur, Diponegoro sak rombongan di papanake ing ndalem Karesidenan Manado ing sak jroning lingkungan Benteng Amsterdam... Pangeran Diponegoro lan penderek'e, di "perlakukan" layak'e tawanan perang... Wusana, ing taun 1834, pihak Gubermen mutusKe mindah rombongan Diponegoro menyang Benteng Rotterdam, Makassar... Pangeran Diponegoro lan penderek'e, bakal di ukum 25 taun lawase ing Benteng iku... Ing sak jroning pakunjaran, Pangeran Diponegoro nyerat Babat Diponegoro nganti 4 jilid, lan kandele 1.357 halaman...

Amarga Pangeran Diponegoro ora kersa ndingkluk lan nyerah marang Landa, wekasan di gawekNe sel khusus sing lawange di gawe cendhek... Kanthi mangkono, kersa ora kersa, Pangeran Diponegoro kudu ndingkluk yen arep metu kanggo sholat utawa keperluan liya... Keng garwa, Raden Ayuu Retnoningsih uga nderek'ake Diponegoro nganti 25 taun..

Ing tanggal 8 Januari 1855, sak purnane nglampahi sholat subuh, Kanjeng Pangeran Diponegoro yaa Bendara Raden Mas Ontiwiryo yaa Kyai Abdul Hamid yaa Pangeran Heru Cokro surut ing yuswa 70 taun, lan kapetak ing Kampung Jawa Makassar, kaya panyuwune sak durunge seda...

Sak tenane, sak wise Pangeran Diponegoro di rangket Walanda ing 1830, para tedhak turune Pangeran Diponegoro lan penderek'e, isih prasetya ngleksanani dawuhe Pangeran Diponegoro kanggo nglawan penjajah Walanda, senajan cakupane sithik... Laskar sisa Diponegoro iki sumebar ing Madura, Semarang, Kedu, Banyumas, lan sebagian Jawa Kulon...

Kabare, Pangeran Diponegoro di anggep mbalela dening sebagian pihak Keraton Ngayogyakarta, saingga para putra wayah Pangeran Diponegoro ora di keparengake mlebu lingkungan keraton... Nanging, Ngarsa Dalem Sultan HB IX paring "Amnesti" kanggo para trah Diponegaran amarga mirsani semangat perjuangan Pangeran Diponegoro dek uni... Saingga, para putra wayah Diponegoro bisa mlebu lingkungan keraton kanthi mardika, lan bisa ngurus silsilah mawi "Serat Kekancingan"....

Ana candhak'e..