Perang Diponegoro (Perang Jawa)... De Java Oorloog... 1825-1830... Part 20..

Pihak Walanda nganggep pamundute Diponegoro keduwuren.. Miturut De Kock, Diponegoro wis ngobarake paprangan ing 5 taun lawase, lan njalari kapitunane Pamrentah Hindia Walanda... Mula, De Kock rumangsa ora kagungan pilihan liya kejaba ngrangket Diponegoro... Mireng pangandikaNe De Kock ingkang kaya mangkono, Pangeran Diponegoro banjur menyat saka lenggahe lan metu njaba arep kundur menyang Pegunungan Menoreh... Nanging sak durunge kundur, Diponegoro janji arep rundingan maneh, amarga dina iku penjenengane rumangsa sayah lan arep ngaso sak wise nglampahi ibadah siyam sewulan.. Kejaba iku, Pangeran Diponegoro uga sarujuk di anani gencatan senjata nganti tekane rundingan sak banjure...

Nanging, kanthi meneng-meneng De Kock wis mrentah Prajurite supaya ngepung kutha Magelang rikala rundingan isih mlaku.. Rundingan iku jebule mung apus-apuse Walanda kanggo ngrangket Diponegoro...

Rikala Pangeran Diponegoro lan rombongan arep metu saka ruangan, De Kock ngendika, "Yen ngene caraNe, Tuan Pangeran ora bisa kundur menyang pegunungan Menoreh kanthi mardika.." Pangeran Diponegoro banjur wangsulan, "Awak'e dewe lagi musyawarah Tuan Jenderal.. Yen Tuan ngendika kaya mangkono, ateges Tuan ngapusi pihak ingkang di jak musyawarah.."

PangandikaNe Pangeran Diponegoro, justru di wales dening De Kock mawi prentah, "Rangket Diponegoro lan penderek'e..!", pambengok'e De Kock sinambi nodongKe pistol ing ngarsaNe Pangeran Diponegoro.... Mergo nglaksanani tugase, De Kock lila nerak paugeran hukum paprangan, lan ngungkuri sifating satriya... De Kock karep paprangan enggal rampung sak durunge "masa jabatan" rampung...

Sak njabaning ruangan, para penderek'e Pangeran Diponegoro uga di rangket lan di rampas senjataNe.. Kabeh di kon ndodok, saingga ira bisa nulungi Pangeran Diponegoro... Diponegoro uga ora bisa apa-apa ngadepi Landa.. Wekasan, penjenengane pasrah lan nganggep yen iki wis dadi garising urip...

De Kock banjur mrentah PerwiraNe supaya ngawal Diponegoro.. Sekira jam 11 awan ing dina Ahad, 28 Maret 1830, Diponegoro di gawa menyang Semarang... Diponegoro di idini ngajak kulawarga lan penderek'e ingkang paling cedak kanggo ngiringi lakuNe menyang Semarang..

Rikala Diponegoro wis tekan Semarang, De Kock jebule wis bablas menyang Batavia saperlu ngrawuhi "Serah Terima Jabatan" Gubernur Jenderal ingkang anyar... Ing Batavia, De Kock uga paring pelaporan kerangkete "Pimpinan Pemberontakan" ing Perang Jawa... Ing 5 April 1830, Pangeran Diponegoro di gawa menyang Batavia, lan di taleni layak'e tawanan.. Diponegoro di angkut nganggo Kapal Pollux.. Kawit dina iku, Pamrentah Hindia Walanda nyatak'ake Perang Jawa wis paripurna...

Ana candhak'e...