Perang Diponegoro (Perang Jawa)... De Java Oorloog... 1825-1830... Part 19..

Cleerens banjur ngajak Pangeran Diponegoro menyang Magelang.. Kanthi mlampah tanpa turangga miyos Kejasan lan Menoreh, para kawula pada weruh lan kumpul kanggo ngayomi Pangeran Diponegoro... Iki njalari sumebare kabar yen Pangeran Diponegoro wis kecekel dening Landa... Mesti wae bab iki njalari para kawula murina.. Saingga, prajurit Cleerens pada kuatir... Sak wise De Kock mireng kabar yen Diponegoro wis kecekel, banjur enggal kundur Magelang..

Sak liyane iku, Walanda nduweni karep ngeculKe kulawarga Diponegoro ingkang di tawan ing Semarang, lan ngundurKe marang Diponegoro... Bab iki supaya penggalihe Pangeran Diponegoro luluh, lan gampang di jak rembugan..

28 Maret 1830, Ramadhan wus purna... De Kock banjur ngirim utusan kanggo ngawal Diponegoro lan rombongan supaya ngaso ing Desa Matesih, sak kulone Ndalem Karesidenan Kedu, sak durunge rundingan... Pas rikala iku, Walanda ngundurKe garwa lan PutriNe... Pangajabe Landa, supaya Pangeran Diponegoro gampang di jak rembugan.. Rundingan sing kudune di gelar ing "Markas Agung" Legiun Walanda, banjur di pindah ing Dalem Karesidenan Kedu, mumpung penggalihe Pangeran Diponegoro lagi dangan...

Pangeran Diponegoro rawuh ing Dalem Karesidenan nitih Turangga kinasih, Kyai Gentayu... Rikala wus prapta ing plataran Karesidenan, penjenengane di bagekKe dening Kolonel Roeps, Kolonel Cleerens, Kolonel De Stuers, lan Residen Kedu, Valks... Jenderal De Kock lan para pengageng Hindia Walanda, wus nunggu ing njero Dalem Karesidenan.. Rawuh uga Residen Surakarta, Residen Bagelen, lan Opsir juru basa...

Pangeran Diponegoro kaderek'ake dening Raden Mas Jonet, Diponegoro Anom, Raden Basah Martonegoro, Raden Mas Roub, lan Kyai Badarudin... Diponegoro lan rombongan, di papag "Upacara Militer" Walanda... Sak durunge rundingan di wiwiti, "di sepakati" yen rundingan nemahi buntu, Pangeran Diponegoro lan rombongan di keparengake kundur kanthi mardika...

Rundingan nemoni dalan buntu, sebab Diponegoro kekeh arep ngedeg'ake Negara anyar ingkang mardika, ingkang di pandegani dening Amirul Mukminin ing tanah Jawa... Diponegoro uga meksa supaya di akoni minangka Sultan ing nagari mardika ing Jawa...

Nanging pamundutan iki ora bisa di sembadani dening Walanda, amarga biyen Njeng Pangeran Diponegoro wus nate ngucap sumpah prasetya marang Sultan HB V... Makaping-kaping Landa nyuwun supaya Diponegoro bisa nyuda pamundute.. Nanging Pangeran Diponegoro ora kendat ing gegayuhan.. Penjenengane blas ora kersa nampa bebana ingkang di paringake dening Walanda kanggo nggenteni pamundute...

Ana candhak'e..