Perang Diponegoro (Perang Jawa)... De Java Oorloog.... 1825-1830... Part 18...

Senajan penggalihe Pangeran Diponegoro "tertekan", penjenengane tetep nerusKe perjuangan... Diponegoro tetep percaya tumrap prasetyaNe kawula Banyumas, Bagelen, lan Kedu.... Kanthi mangkono, usaha De Kock enggal mungkasi paprangan, gagal wigar... Kanthi prajurit sing isih ana, Diponegoro tetep ngobarake paprangan... Penjenengane banjur pindah-pindah saka lembah, gunung, alas, lan desa-desa... Wiwitan taun 1830, laskar ingkang nderek'ake kari sithik... Sak liyane iku, para laskar iki uga wis bosen lan kesel nglakoni Perang nganti 5 taun...

16 Januari 1830, Gubernur Jenderal Du Bus'de Gisignes di ganti Van Den Bosch.. Gubernur Jenderal anyar ingkang nerapKe aturan "Cultuur Stelsel... Rikala iku, ana tawaran rundingan antarane Pangeran Diponegoro lan Kolonel Cleerens... Nanging Diponegoro nampik pamundute Walanda...

Nanging De Kock ora nyerah.. Penjenengane banjur ngutus Cleerens supaya mbujuk putra Diponegoro, Pangeran Dipokusumo, supaya pasrah marang Landa... Pasrahe Dipokusumo ndadek'ake penggalihe Pangeran Diponegoro saya "tertekan"... Wekasan, ing Februari 1830, Kolonel Cleerens kasil nemo'ake papan pandelik'e Diponegoro lan ngajak Rundingan... Ing kahanan kejepit, kersa ora kersa, Diponegoro minangkani pamundute Walanda..

Sak banjure, ing 16 Februari 1830, para Piyayi ingkang mungsuhan iki ketemu ing Remo Kamal, Bagelen, Purworejo... Cleerens paring usul yen Pangeran Diponegoro supaya ngaso disik ing sak ngisore pegunungan Menoreh sinambi ngenteni rawuhe Letnan Jenderal Marcus Hendrick De Kock saka Batavia...

Nanging Diponegoro nampik usulan iku, sebab, Cleerens mung jejering andahan.. Diponegoro mung kersa musyawarah karo Jenderal De Kock ingkang wektu semana lagi ngrawuhi "pelantikan" Gubernur Jenderal sing anyar... Supaya penggalihe Pangeran Diponegoro luluh lan kersa rawuh ing "Markas Agung" Legiun Walanda ing Magelang, Cleerens gawe nawala kang isine bakal mulya'ake lan nyengkuyung pamundute Diponegoro.... Cleerens uga maringi bebana arupa duit ewonan cacahe... Nanging, duit-duit iku malah di dum-dum kanggo para penderek'e... Sak banjure, Diponegoro janji arep rawuh manggihi Jenderal De Kock ing Magelang sak purnane sasi Ramadhan, sebab, sak suwene Ramadhan, Diponegoro ora kersa nyampuri urusan Agama lan Kadonyan.. Penjenengane arep nglampahi ibadah siyam kanthi ayem, tanpa swasana Perang... Saingga, penjenengane nganggep kurang pas yen rundingan di leksanani ing wulan pasa.. De Kock kersa nampa alasan Diponegoro, len kersa ngenteni siape Pangeran Diponegoro...

Ana candhak'e..