Perang Diponegoro (Perang Jawa)... De Java Oorloog... 1825-1830.. Part 17..

Rikala April 1829, Diponegoro lan laskare lagi ing Petanahan, perang pecah.. Wadya bala Walanda kang di pandegani dening Kolonel Cleerens nggempur laskar Diponegoro.. Nanging ing paprangan iki, Cleerens ora kasil nyekel Diponegoro...

Sak banjure, ing 26 September 1829, Diponegoro mimpin paprangan ing wilayah Kedu... Lan Sentot mimpin perjuangan ing wilayah Ngayogya Kidul nganti sak Wetane kali Opak.. Banjur, ing 14 Oktober 1829, ing Karanggoni (Wilayah Kretek), Walanda nyekel Ratu Ageng (garwa Diponegoro) lan Raden Ayuu Gusti (Putri Diponegoro ingkang krama karo Pangeran Basah Martonegoro)...

Wekasan, ing tanggal 16 Oktober 1829, Sentot lan Pangeran Prawirokusumo, lan para Bupati ingkang cacahe 20, pasrah marang Landa ing Imogiri.. Sentot banjur di gawa menyang Bogor, lan di dadekNe Opsir Landa kanggo nderek Perang mungsuh Laskar Padri ing Minangkabau Sumatera... Mergo ing Minang Sentot malah manunggal klawan laskar Padri, Sentot banjur di buang ing Bengkulu nganti sedane....

Taun 1827-1829, laskar Diponegoro saya suda.. Malah, ing taun 1829, putraNe ingkang asma Pangeran Joyokusumo gugur bareng karo Pangeran Ngabehi rikala magut yuda ing wilayah Bagelen tumuju daerah Pegunungan Menoreh... Ing 20 Agustus 1829, Pangeran Mangkubumi uga pasrah Walanda...

21 September 1829, Jenderal De Kock nyerat nawala katujo'ake marang Keraton Ngayogya kang isiNe putusan lamun pihak Walanda sedya ngrangket pangeran Diponegoro urip utawa mati.. Layang iku uga nyebut sapa wae ingkang bisa ngrangket Diponegoro, bakal di paring bebana arupa 50.000 perak, tanah lungguh, pangkat lan gaji..

Pasrahe Pangeran Mangkubumi lan Pangeran Ario Prawirodiningrat, Laskar Bulkiyo rumangsa semplah atine... 1829 pungkasan, siji mbaka siji Senopati tangguh, uga pasrah Walanda... Senopati iku ing antarane, Pangeran Ario Suryokusumo, Jerto Pengalasan (pahlawan Perang Pleret), Pangeran Joyosudiro..

Ana candhak'e...