Perang Diponegoro (Perang Jawa)... De Java Oorloog.. 1825-1830... Part 16..

Kabar ancure Benteng Nanggulan iki ndadek'ake Jenderal De Kock saya kamigilan marang Sentot Prawirodirjo.. De Kock mbayangKe Senopati Sentot kadya memedi ingkang njalari penjenengane ora bisa nendra... Mula, De Kock terus ngupaya maneka warna cara supaya Senopati Sentot kersa pasrah..

Nanging, Senopati Anom iki panggah nampik pambujuk'e Walanda... Amarga ora kasil, De Kock banjur nglancarKe inciman marang Pangeran Arya Prawirodiningrat, putra Bupati Madiun supaya pasrah... Prawirodiningrat banjur pasrah.. Sebab, yen penjenengane ora kersa, kawilujengan kadange ingkang dadi taruhan...

Diponegoro pirsa lamun saiki Landa ngetrapKe siasat anyar, yaiku mbarisKe prajurit pribumi ing barisan paling ngarep... Iki di lakoni Landa sebab Landa ngerti yen Diponegoro ora bakal mentala yen kudu mateni wong-wong pribumi.. Nanging siasat iki uga mbatheni tumrap Diponegoro.. Sebab, para prajurit pribumi rumangsa pekewuh marang pribadi Njeng Pangeran Diponegoro... Rikala Diponegoro ing barisan paling ngarep, penjenengane bajur nuduhKe jati diriNe.. Prajurit mungsuh ingkang saka kawula pribumi, ora bakal ana sing wani nembak utawa ngadepi Diponegoro...

12 Desember 1828, Landa nglurug Karanganyar... Perang iki banjur mrembet nganti daerah Wawar ( wilayah segara Kidul), Telogo, lan Petanahan... Rikala 22 Januari 1829, Kyai Mojo, Haji Ali, lan Kasim Besari ingkang karangket Walanda di gawa dening Mayor Roeps lan Residen Nahuys, Komisaris Keraton Ngayogya, saperlu arep di ketemokKe Sentot Prawirodirjo ing daerah Kali Bendol.. Nanging, rikala kepanggih ing Gambling, ora ana kesepakatan rujuk, saingga mung di anani gencatan senjata...

Ana candhak'e...