Perang Diponegoro (Perang Jawa)... De Java Oorloog.. 1825-1830.. Part 9...

Perang Diponegoro (Perang Jawa)... De Java Oorloog.. 1825-1830.. Part 9...

Ing Perang iki, Hindia Walanda antuk sokongan saka wong-wong China ingkang di peksa dadi Serdadu, saka Semarang, Bogor, lan Magelang.. Semono uga Pangeran Diponegoro uga entuk pambyantu saka Pangeran Serang lan Bupati daerah Serang, Sukowati.. Pangeran Serang iku kadang ipe Pangeran Mangkudiningrat, utawa putra mantu Sultan Sepuh.. Salah sawijining garwa Pangeran Serang, ana ingkang isih Trah Sunan Kalijogo, ingkang kaparingan gelar, Nyi Ageng Serang....

Nyi Ageng Serang, kagungan asma asli RA Kustiyah Wulaningsih Retno Edi, minangka putra wuragil Bupati Serang, Panembahan Notoprojo... Senajan putra Piyayi, Nyi Ageng Serang banget cedhak mring kawula dasih kawit isih timur.. Semangat perjuangan Nyi Ageng Serang kebrongot kanggo bela para kawula... Kejaba iku, sedaNe keng raka rikala mbela Pangeran Mangkubumi (HB I) anggone nglawan PB II ingkang di rewangi Landa, uga nguthik semangate kanggo nglawan Landa... Kejaba minangka garwa, Penjenengane uga salah sawijining prajurit putri ingkang peng-pengan... Mula, Penjenengane uga kondhang kanthi gelar "Djayeng Sekar"...

Ing Keraton Ngayogya, asma Djayeng Sekar lan Langen Kusuma iku jeneng Korps Keprajuritan Putri ingkang di bentuk dening Sultan HB I, ingkang anggotane para putri pendekar kanthi senjata panah lan tumbak (Infantri), lan uga prajurit Turangga (Kavaleri)... Mula, Nyi Ageng Serang kedhapuk dening Pangeran Diponegoro supaya mimpin laskar Gula Klapa kanggo wilayah Jawa Tengah sisih Wetan Kidul... Nyi Ageng Serang sak banjure dadi salah sawijining Senopati andalan Pangeran Diponegoro..

Nyi Ageng Serang uga kondhang minangka ahli siasat lan ahli "negosiasi".. Penjenengane lan "Prajurit Siluman" nduweni keahlian nyerang kanthi cepet... Saingga anggawe mungsuh gilapen lan giris... Nanging, Penjenengane uga gugur ing madyaning ronanggana, lan kapetak ing gunung Trajumas, Kalibawang, Kulonprogo...

Ana candhak'e...