Perang Diponegoro (Perang Jawa)... De Java Oorloog... 1825-1830... Part 10...

Sak wise Pangeran Notoprojo saka Ngayogya paring pambyantu marang Pangeran Diponegoro, kawula Semarang bisa di siyagakKe kanggo nggempur wilayah Purwodadi... Saingga, ing 28 Agustus 1827, Purwodadi bisa di rebut dening Pangeran Serang kang uga di bantu dening Bupati Gagatan.. Sak banjure, pambrontakan mrembet menyang Kudus, Demak, Wirosari, Grobogan, lan Semarang..

Nanging jebule, Walanda karep tetep ngrengkuh Semarang.. Sak wise antuk tambahan prajurit saka Surabaya, Sumenep, lan Solo, Landa ngadepi laskar Diponegoro di pandegani dening Jenderal Van Geen... Ing paprangan iki, Bupati Gagatan karangket, banjur di tahan ing Surakarta... Bekas Bupati Semarang, Adipati Suroadimenggolo, melu kecekel sebab keng putra ingkang asma Raden Sukur nderek nyengkuyung Diponegoro... Kejaba iku, Bupati Serang isih terus di buru Van Geen....

15 September 1827, Van Geen nggempur Demak.. Ing paprangan iki, Bupati Serang bisa uwal saka inceraning Landa senajan daleme ludes di obong Landa.. Banjur, penjenengane nyawiji marang Arya Kertodirjo,Senopati prajurit Diponegoro wilayah Madiun...

Sak liyane iku, Pangeran Basah Sastrodilogo, mandegani perjuangan ing wilayah Rembang lan Bojonegoro... Penjenengane nyiagakKe prajurite ing Rajegwesi, Bojonegoro... Rikala semana, Sastrodilogo iku salah sawijining Tumenggung lan Senopati Prajurit Sultan ing Ngayogyakarta... Nanging, rikala Sultan Sepuh jumeneng ingkang kaping telune, Sastrodilogo kundur menyang Rembang, lan ngleksanani dawuhe Pangeran Diponegoro supaya ngobong pambrontak'an ing kono...

28 November 1827, Basah Sastrodilogo kasil ngrebut Rajegwesi, Ngawi, Rembang, lan Tuban... Sak wise Landa mbangun Benteng ing Tuban, Bancar, Pluntaran, Blora, lan Pamotan, wadya Walanda kasil nggebug mundur laskar Sastrodilogo...

Ana candhak'e..