Perang Diponegoro (Perang Jawa).. De Java Oorloog... 1825-1830.. Part 8..

Perang Diponegoro (Perang Jawa).. De Java Oorloog... 1825-1830.. Part 8..

Rikala 27 Juli 1825, laskar Diponegoro ingkang arep ngrebut kutha Magelang, wis tekan gunung Tidar.. Nanging, serangan iku ora kasil, saingga penyerbuan di alihKe menyang daerah Menoreh.. Sak banjure, ing Agustus pungkasan 1825, laskar Diponegoro kasil ngrebut Cempaka, Telahap, Parakan, lan Propak... Ing paprangan iki, Bupati Menoreh, Arya Sumodilogo, nemahi pralaya...

Ing 31 Agustus 1825, para prajurit ingkang di pandegani dening Pangeran Abubakar lan Pangeran Adikusumo, arep ngrebut Magelang.. Ing paprangan ing daerah Sadegan lan Pucang, Opsir-opsir Landa lan Bupati Magelang, Danuningrat, ingkang mbiyantu Walanda ing wilayah Kedu Kidul, tiwas di terjang laskar Diponegoro...

Sak banjure, kanggo mepet mobah mosik'e laskar Diponegoro, De Kock banjur mbangun Benteng ing Kali Jengking, Borobudur, Magelang, lan Tempel... Saingga, ing 1 Desember 1826, Pangeran Mangkudiningrat (Mangkuwijoyo), putra wayah Sultan Sepuh, karangket Walanda ing Plendingan...

Banjur, ing awal Januari 1827, Diponegoro mimpin perjuangan lan ngetokKe 8000 laskar ing gunung Tawon.. Prajurit iki nglurug Benteng Trayem, saingga pecah Perang nganti masasen-sasen ing sak kupenge Kali Progo lan Bogowonto...

Kawula Pajang, ingkang di pandegani dening Pangeran Rapat Notoprojo, kadange Pangeran Mangkudiningrat.. Nanging, penjenengane uga karangket Walanda rikala arep nyerang wilayah Bagelen lan Kedu.. Mireng kekalahan iku, Pangeran Diponegoro duka yayah sinipi... Banjur, Diponegoro mbales kekalahan iku kanthi nglurug wilayah Gunung Tawang... Nanging, ing 19 Januari 1827, Pangeran Surya Mataram lan Pangeran Prangwedono, pasrah marang Landa...

Peperangan ing wilayah Banyumas, Pekalongan, Ledok, lan Jabrangkah ingkang di pandegani dening Imam Musba lan Mas Lurah, njalari laju pamrentahan Hindia Walanda keganggu... Hubungan Walanda menyang Cirebon pedot ing wilayah Tegal nganti Pekalongan.. Sebab, ing wilayah iki isih di kuasani para penderek'e Diponegoro...

Ana candhak'e...