Perang Diponegoro (Perang Jawa).. De Java Oorloog.. 1825-1830.. Part 7...

Perang Diponegoro (Perang Jawa).. De Java Oorloog.. 1825-1830.. Part 7...

Dukungan perjuangan Pangeran Diponegoro, ora mung saka para kawula lan Piyayi biasa.. Nanging ingkang tanpa di nyana, Kanjeng Susuhunan Pakubuwono VI, uga paring pambyantu... Nalendra ing Surakarta ingkang uga kondhang kanthi gelar Sinuwun Bangun Tapa iki, ora sithik lelabuhane marang Diponegoro... Amarga duwe prajanjen karo Gubermen Hindia Walanda, Sinuwun ora ngatonake dukungane... Senajan mangkono, Sinuwun tansah paring sumbangan arupa dana lan senjata...

Pangeran Diponegoro uga nate nlusup mlebu keraton Surakarta saperlu ngrembug sikape Mangkunegaran lan Madura... Nanging, nalika Walanda teka ing keraton, Sinuwun lan Diponegoro ethok-ethok sulaya lan "saling serang"... Kabare, Kereta Pangeran Diponegoro ingkang keri, enggal gage di pendhem ing jroning lingkungan keraton saka dawuhe Sinuwun...

Kanthi mangkono, Sinuwun PB VI nglakoni rong paraga... Kejaba nyengkuyung perjuangane Diponegoro, uga ngintun prajurit ethok-ethok mbantu Landa.. Raden Ngabei Ronggowarsito, uga nate nderek barisan prajurit" sandiwara" iki...

Ing daerah-daerah liya, kaya Demak, Pekalongan, Banten, Banyumas, Ledok, Kedu, lan daerah Brang Wetan, para utusan Diponegoro kasil mbrongot semangate para kawula.. Seka jasane para utusan iku, kira-kira 35.000 kawula Purbalingga, manunggal nglurug Kedu lan kasil ngrebut Parakan lan Magelang...

Ngadepi bab iki, prajurit Landa ingkang nyawiji ing Magelang, di suntakKe nggempur para pambrontak ing sak idenging Kedu ingkang ngubungake Benteng ing Bawen nganti Parakan...

Prajurit Landa iki, entuk pambyantu saka wong-wong China ingkang nyawiji ing barisan "Yong Sekar" saka Legiun Mangkunegaran, lan uga saka prajurit para Bupati ingkang setya marang Landa, yaiku Raden Tumenggung Danuningrat Bupati Magelang, Raden Tumenggung Aryo Sumodilogo Bupati Menoreh (Temanggung), Tumenggung Mangunsentiko, Tumenggung Wiroyudo, lan Tumenggung Mertodiwiro...

Ana candhak'e...