Perang Diponegoro (Perang Jawa)... De Java Oorloog... 1825-1830... Part 6..

Perang Diponegoro (Perang Jawa)... De Java Oorloog... 1825-1830... Part 6.. Gubernur Jenderal Van der Capellen kaget setengah mati mireng kabar dredahe Pangeran Diponegoro... Sebab, Residen Smissaert tansah paring pelapuran yen kahanan Vorstenlanden sak kloron ayem tentrem.. Nanging kasunyatanNe, pergolakan nggegirisi wis mremen nganti sak njabaning wilayah, malah kepara nganti sak idenging Pulo Jawa.. Saingga, pihak Walanda nyebut Perang iki Perang Jawa utawa De Java Oorloog....

Sawetara iku, wadya Walanda ora cukup kanggo ngadepi laskare Diponegoro.. Sebab, wis punjul saka separone lagi ngadepi perange Kaum Padri ing Sumatra Kulon, lan ngredem dredahe Sultan Hasanuddin ing Sulawesi...

Rikala semana, Van der Capellen lagi siyaga arep kundur menyang negara Netherland, amarga kalenggahane wis arep rampung... Nanging, amarga kahanan iki, kepeksa penjenengane menggak, lan nyuwun "perpanjangan jabatan" setengah taun meneh.. Penjenengane ora kepingin citraNe kecoreng ing Netherland...

Sak banjure, Gubernur Jenderal ngutus Letnan Jenderal Hendrick Marcus de Kock supaya nangani peperangan iki... Ing liya pihak, Pangeran Diponegoro, Mangkubumi, Kyai Mojo lan Sentot Prawirodirjo, saya gigih anggone ngobarake perlawanan... Diponegoro pirsa, yen Walanda kekurangan cacah, lan peperangan wis arep nyedak'i keraton Ngayogya...

Pirsa kahanan iki, De Kock banjur ngukuhKe pertahanane ing Ngayogya... Nanging ing Logorok, wilayah Lor Ngayogya, 200 prajurit Landa, klebu Kumendane, Kapten Kumsius, tiwas di terjang laskar Diponegoro ingkang di pandegani dening Mulya Sentiko... Kejaba iku, prajurit Landa ingkang njaga pertahanan ing Benteng Vredenburg, uga mung 200 uwong...

Kanggo nuduhKe prasetyaNe marang Walanda, Sunan Pakubuwono VI ngintun prajurit Surakarta.. Semana uga, Mangkunegaran uga ngedunKe Legiun Mangkunegaran marang De Kock... Malah, Jenderal Landa iki uga pikantuk pambiyantu saka Sultan Paku Nataningrat saka Sumenep kanthi ngintun prajurit Madura di pandegani dening Pangeran Suryadiningrat.. Wusana, kurange wadya bala prajurit, wis bisa nyukupi...

De Kock uga kasil ngayomi Sultan HB V lan sentana saka pangincime pambrontak.. Sultan HB V di "amanKe" ing jroning Benteng Vredenburg.. Kanthi cara iki, De Kock nyuda "keterlibatan" kulawarga keraton... De Kock uga kasil nundhung laskar Diponegoro, metu saka wilayah keraton kanggo sawetara...

Amarga Kesultanan wis kelangan wibawa, Gubermen Hindia Walanda, nyuwun marang Sultan Sepuh (HB II) ingkang nate dadi Naledra Ngayogya, supaya lenggah dampar, lan jumeneng nata ing Ngayogya maneh.. Sultan Sepuh nyanggupi pamundute Walanda..

Sak liyane iku, kanggo ngadepi Diponegoro, Hindia Walanda kepeksa narik Prajurite sing lagi ngadepi Kaum Padri ing Sumatera Kulon... Wusana, pihak sak kloron rujuk ing "Gencatan Senjata)...

Ana candhak'e...