Perang Diponegoro (Perang Jawa)... De Java Oorloog... 1825-1830.. Part 5..

Perang Diponegoro (Perang Jawa)... De Java Oorloog... 1825-1830.. Part 5.. Kabar ngenani ngluruge Walanda menyang Tegalrejo gage wae nyebar ing sak idenging Ngayogyakarta lan Surakarta.. Akeh kawula tanpa "di komando" menyang Selarong saperlu nderek nyengkuyung perjuangane sang Pangeran... Dukungan kanggo Diponegoro teka saka ngendi-endi.. Malah, para Pangeran keraton Ngayogyakarta uga nderek barisane Diponegoro... Para priyagung keraton iki ing antarane saka para putra HB I, II, lan III ingkang kabeh ana 23, lan para putra wayah sing cacahe 54...

Putra Sultan Sepuh (HB II) ingkang asma Pangeran Puger, minangka Penasehat Agung lan ngampu karya ngurusi urusan "Kerumahtanggaan" kulawarga Diponegoro... Sak liyane iku, Pangeran Bei (Ngabehi Joyokusumo), sang Senopati Agung minangka pengatur siasat perang kanthi pangkat "Generalissimus"... Sak liyane para Piyayi keraton, ana sawijining senopati anom, Sentot Prawirodirjo (Alibasah), putra Raden Ronggo Prawirodirjo III.. Kaya dene keng Rama, Sentot mijil minangka prajurit kang di wedeni lawan... Sentot, salah sawijining senopati Diponegoro ingkang kondhang minangka ahli siasat perang... Rikala Pangeran Diponegoro nglekasi paprangan, Sentot Prawirodirjo isih ngancik yuswa 16 taun...

Ulama Bayat lan laskar-laskar ingkang di pandegani dening Kyai Mojo lan Tumenggung Prawirodigdoyo saka Surakarta, uga nderek nyengkuyung perjuangane Pangeran Diponegoro.. Kyai Mojo, salah sawijining ahli kitab Islam, kawisuda minangka "Pemimpin Spiritual" lan Penasehat Agama, sarta "Penyemangat Perang" ing Perang Diponegoro iki... Asal Kyai Mojo saka desa Mojo, lor kutha Surakarta.. Penjenengane kagungan sifat keras lan kekendelan ingkang ngedap-edapi...

Propaganda Perang nglawan penjajah nyebar menyang ngendi-endi... Ing Ngayogyakarta, Jayanegara enggal gawe layang edaran kanggo ngajak kabeh kawula Mataram supaya nyengkuyung perjuangane Pangeran Diponegoro lan Mangkubumi ngusir penjajah Walanda.. Ing sak njabaning Ngayogya, kayata Banyumas lan sak kiwa tengene, ajak'an "Jihad fi Sabililiah" di gaungKe dening Kyai Kasan Besari saka Kedu... Ajak'an iki di tampa dening para kawula kanthi magita-gita...

Sing ora di nyana-nyana, sengkuyungan uga teka saka Sinuwun Pakubuwono VI kanthi meneng-menengan.. Sampeyan Dalem paring pangendika marang Pangeran Diponegoro lan laskar-laskare supaya ngetrapKe siasat Perang "Dhedhemitan" alias "Gebang Ancat Nrabas Geblas", yaiku nyerbu dadak'an banjur ngilang ing sak jroning alas, guwa-guwa, gunung, lan petenge wengi... Jebul, siasat iki gawe wadya bala Walanda giris.. Saingga, ira maido yen ing taun-taun awal, laskar Diponegoro tansah nggayuh kemenangan...

Kemenangan pisan ingkang di gayuh dening para laskar Diponegoro, dumadi ing desa Pisangan, tapal wates Muntilan lan Ngayogyakarta, ingkang di pandegani dening Tumenggung Mulyo Sentiko... Kanthi gagah pideksa, laskar-laskar Diponegoro nyegat iring-iringan wadya Walanda sing cacahe 120 uwong.. Laskar Diponegoro kasil ngejur mungsuh, lan ngrampas duit kang cacahe 50.000 gulden, lan senjata-senjata duwek'e serdadu Landa... Ing 6 Agustus 1825, laskar Diponegoro lan para senopati, kasil ngejur markas Walanda ing Purwodadi lan Pacitan... Kemenangan-kemenangan iki, kasil mbrongot semangate para laskar lan kawula, kanggo nglawan penjajah Walanda... Saingga, Perang iki mleber tekan Banyumas, Pekalongan, Semarang, Rembang, tekan Madiun...

Ana candhak'e..