Perang Diponegoro (Perang Jawa)... De Java Oorloog.. 1825-1830... Part 4...

Perang Diponegoro (Perang Jawa)... De Java Oorloog.. 1825-1830... Part 4...

Nalika ing 20 Juli 1825, mbledhose meriem lan bedile Walanda, di wales dening jojohe tumbak lan sabeting pedang saka para penderek'e Diponegoro ing Tegalrejo... Mula saka iku, perang kamardikan sing pengen uwal saka panguwasaNe Walanda lan gegayuhan ngadegKe negara lan masyarakat anyar kang mardika, wis kawiwitan...

Wusana, prajurit Walanda lan Danurejo IV ngrangseg ngepung Tegalrejo... Landa duweni alasan kanggo ngrangket pangeran Diponegoro ingkang wis di anggep ngraman marang panguwasaNe Gubermen Hindia Walanda.. Pirsa gelagat ingkang mbebayani warga desa, Pangeran Diponegoro dawuh marang andahane supaya pada ngungsi ngulon, yaiku menyang desa Dekso, Kulonprogo..

Paprangan pecah.. Kabar ngramane Pangeran Diponegoro iki pikantuk sengkuyung saka sapa wae ingkang rumangsa kapithes dening Walanda.. Mula, kabeh masyarakat Jawa saka Piyayi, Kuli, buruh, bakul, tani, sarjana, guru-guru ngaji, manunggal ndukung perjuangane Pangeran Diponegoro... Kanthi semboyan "Sak Dumuk Bathuk Senyari Bumi, Di Tohi Tekan Pati", para kawula pada manunggal ngusir penjajah...

Geger Tegalrejo dumadi nganti seminggu... Ing 29 Juli 1825, Residen Smissaert ngutus Chevallier mandegani prajurit gabungan (wong-wong Landa lan penderek'e Patih Danurejo IV) nglurug Tegalrejo.. Saingga, Tegalrejo bosah-baseh dadi karang abang... Nanging, Diponegoro, Mangkubumi lan para andahane wis pada sumingkir...

Chevallier terus wae nggempur Tegalrejo.. Wekasan, Chevallier kasil ngrebut Tegalrejo.. Nanging, Pangeran Diponegoro lan Mangkubumi kasil lolos saka pangamuk'e Walanda... Amarga gagar wigar tanpa karya, Chevallier ngobong seisi desa, klebu dalem Diponegaran lan puluhan omah warga ing sak kiwa tengene dalem Diponegaran.. Saka kadohan, Diponegoro ing sak duwure Turangga Cemani sikil belang putih, Pangeran Mangkubumi lan para penderek'e pada nyawang pembumihangusan iku kathi ati sedih...

Sak banjure, guwa Selarong dadi basis pertahanane Diponegoro.. Guwa Selarong dadi papan kanggo nyusun kekuwatan lan siasat kanggo males kesewenang-wenangan Walanda...

Ana candhak'e...