Perang Diponegoro (Perang Jawa).. De Java Oorloog... 1825-1830... Part 3...

Perang Diponegoro (Perang Jawa).. De Java Oorloog... 1825-1830... Part 3...

Rikala semana, Pangeran Diponegoro mireng kabar lamun Gubermen Walanda arep mbangun dalan minangka salah sawijining modernisasi Jawa.. Sekawit, pamrentah dawuh supaya mbangun dalan sing arep ngubungKe kutha Ngayogya lan Magelang ngliwati Muntilan.. Nanging, ing madyaning Mei 1825, Walanda ngrubah rute, lan ngenggokKe jalur ngliwati Tegalrejo... Dalan iku uga bakal ngliwati desa-desa ing sak kiwa tengenNe Tegalrejo... Tanpa ana nawala, Pamrentah banjur masang pathok-pathok lan nggusur sak perangan omah sing bakal di liwati proyek dalan iku... Malah, rute iku uga bakal nrabas pasarean leluhure Pangeran Diponegoro.. Bab iki ingkang njalari penggalihe sang Pangeran murina.. Mula, Pangeran Diponegoro banjur ngirim layang protes menyang kantor Residen...

Nanging, protes iku ora di gagas dening Patih Danurejo lan Residen Walanda, AH. Smissaert... Senajan pepiling wis di cawisKe dening warga, nanging Pamrentah ora nggubris... Pangeran Diponegoro rumangsa tumindak iki minangka wujud tantangan tumrap Penjenengane... Para kawula wis siyaga ing sak mburiNe Diponegoro, lan nancepKe tumbak ing lemah minangka wujud jengkeling ati... Sak banjure, Diponegoro dawuh marang andahane supaya njabut pathok-pathok iku...

Pirsa bab iki, Residen Smissaert banjur nimbali Diponegoro menyang kantore.. Nanging Diponegoro ora minangkani timbalane Residen... Walanda lan Patih Danurejo, banjur ngutus Pangeran Mangkubumi, sentana dalem ingkang isih di ajeni lan di hormati dening Pangeran Diponegoro, supaya ngendika marang Diponegoro...

Nanging, sak wise ngendikan marang Diponegoro, Pangeran Mangkubumi malah manunggal klawan Diponegoro... Mangkubumi uga ora lila yen pesarean kerabat dalem di rusuhi, lan nyengkuyung tumindak'e putra ponak'ane iku... Rikala Pangeran Mangkubumi arep ngadhep sowan ngarsane Residen, Diponegoro titip weling supaya Walanda mecat Patih Danurejo IV sing di anggep ngrugeni para kawula... Rikala Mangkubumi rundingan dening Walanda, Mangkubumi tetep ora ngeparengake yen proyek iku nrabas pasarean ingkang di anggep keramat dening para kawula lan kulawarga Diponegoro... Nanging Residen Smissaert tetep puguh ora nggeser.. Sebab, Gubermen bakal ngetokNe prabea ingkang luwih gede yen kudu ngrubah rute.. Walanda uga nampik pamundute Diponegoro anggone mecat Patih Danurejo IV, malah mbela marang "Pegawai Tinggi" Sultan iku.. Walanda nganggep, yen Danurejo wis akeh lelabuhane marang kapentinganNe Gubermen..

Upaya damai, isih terus di upayaKe, nanging Pangeran Diponegoro ora ngrewes timbalane Residen Walanda... Malah, Pangeran Mangkubumi uga ora paring palapuran ngenani tugas ingkang di paringake marang Residen.. Iki di anggep Mangkubumi lan Diponegoro mbalela... Mula, Asisten Residen Ngayogya, Chevallier di utus menyang "daerah sengketa" nggawa prajurit saperlu ngrangket pangeran sak kloron... Nalika prajurit Walanda tekan Tegalrejo, atusan kawula wis siyaga ngadang kanthi sikep gegaman landhep.. Sak liyane kui, warga uga gawe pepalang (blokade) ing dalan lan ngendheg para kuli ingkang lagi pada nyambut gawe.. Wekasan, perang ora bisa di endani antaraNe para kawula lan prajurit Residen Walanda.. Kabeh para kawula manunggal ing sak ngandaping Pangeran Diponegoro, lan ngikrarake perang marang Walanda...

Mula, ing 19 Juni 1825, Diponegoro nyata ngraman marang Pamrentah Hindia Walanda kanthi ngangkat senjata... Perang iki diwiwiti kanthi tiwase Letnan Walanda ing prastawa njabute pathok-pathok dalan... Rikala semana, Diponegoro ngerek gendera Gula Klapa (Abang Putih) sing kabare wis suwe ora nate di klebetKe kawit Jayakatwang ing taun 1292 tekan jaman Sultan Agung)...

Ana candhak'e..