Perang Diponegoro (Perang Jawa).. De Java Oorloog... 1825-1830... Part 2...

Perang Diponegoro (Perang Jawa).. De Java Oorloog... 1825-1830... Part 2...

Pangeran Diponegoro kagungan penganggep, yen njonggole wong-wong manca ing tanah kagungan dalem keraton mawi cara sewa, iku pada dene tibaNe tanah Jawa ing panguwasaNe manca.. Mula, Jawa kudu di rebut nganggo cara perang sabil... Wusana, Pangeran Diponegoro ngusadani gerahing penggalih kanthi kholwat, lan nyaket marang Sang Kuwasa ing guwa-guwa.. Salah sawijining guwa ingkang asring di agem sang Pangeran kanggo nyepi, yaiku Guwa Selarong...

Amarga para kawula nganggep aturan Keraton lan Gubermen banget ngrugeni, mula, para kawula iku banget ngarep-arep supaya Pangeran Diponegoro bisa ngluwari saka tumindak dek siya iku... Para penderek sang Pangeran percaya, lamun Pangeran Diponegoro wis kapanjingan Wahyu saka Gusti Kang Akarya Jagad.. Malah, para kawula wus nganggep yen sang Pangeran iku calon Ratu Adil ingkang wus di antu-antu rawuhe...

Diponegoro ora mung sengit marang wong Landa lan China, nanging uga para pengageng keraton sing wis gandheng klawan Landa lan asring ngrusak susila.. Diponegoro kagungan penganggep yen para priyagung iku wus ketularan budaya "Kulon", saingga akhlak dadi merosot...

Senajan kaya mangkono, sejatine Diponegoro ora nate sengit marang wong China.. Penjenengane mung sengit marang wong Landa ingkang asring nyampuri urusan keraton.. Malah ana sawijining wong China ingkang nyengkuyung perjuangane sang Pangeran kanthi maringi Turangga Cemani ingkang di paringi Tetenger Kyai Gentayu... Turangga iki ingkang dadi mitraNe anggone ngusir penjajah..

Ana candhak'e..