Perang Diponegoro (Perang Jawa)... De Java Oorloog.. 1825-1830... Part 1..

Pangeran Diponegoro, miyos ing Jum'at Wage, 11 November 1785.. Penjenengane minangka putra pembayun Sinuwun HB III kalian Garwa Ampil, Raden Ayu Mangkarawati (putri Adipati Pacitan)... Rikala timur, penjenengane kathenger asma, Bendara Raden Mas Ontowiryo... Sultan HB I banget tresna marang putra buyute iku, lan ngramal bilih Diponegoro bakal nggayuh keagungan ngluwulihi sinuwun kiyambak...

Bendara Raden Mas Ontowiryo, ageng ing lingkungan keraton, lan pikantuk pendidikan Islam, kaya Ngaji, lan sinau keislaman liyane.. Panggula wentah iki ing tembe njalari jiwa spirituale saya keasah... Penjenengane remen Khalwat (nyepi) ing gunung-gunung lan gua-gua ing sak kiwa tengene.. Wiwit timur, Raden Ontowiryo pindah ing Tegalrejo, amarga ing Keraton lagi ana ontran-ontran.. Kejaba iku, Raden Ontowiryo uga ora bisa urip gebyar ing jero keraton ingkang asring gelar Andrawina cara "Barat" ingkang nyawisake "minuman keras"...

Ing Tegalrejo, Raden Ontowiryo di gulawetah dening Eyang Putri, Ratu Ageng, garwa Prameswari HB I.. Amarga lenggah ing sak tengahing kawula alit, wekasan tuwuh rasa tresna marang para kawula, lan leluasa sinau agama Islam ing kana... Kawit manggon sareng keng Eyang, Raden Ontowiryo sowan ing keraton mung ping pindo ing dalem setaun, yaiku ing Idul Fitri lan Grebeg Maulid... Sak wise dewasa, BRM Ontowiryo kaparingan gelar Pengeran Diponegoro... Penjenengane dadi Priyagung ingkang banget di hormati.. Sak liyane nekuni agama Islam, penjenengane uga remen jagading kebatinan Jawa.. Mula, penjenengane luwih seneng semedi lan sowan ing pesantren tinimbang ing keraton...

Nalika Sultan HB III surut, Pangeran Diponegoro ora kepilih minangka Sultan Ngayogya, amarga mijil saka garwa selir... Ingkang kepilih nglenggahi dampar yaiku Pangeran Jarot, Putra garwa Prameswari ingkang rikala semana lagi yuswa 13 taun... Keputusan iki di pangestoni dening Gubermen Walanda.. Wekasan, Pangeran Jarot jumeneng nata ing Ngayogya kanthi gelar Sri Sultan HB IV.. Sak banjure, Pangeran Jarot mrentah ing sak ngandaping pangawasing pengageng keraton..

Nanging, Sultan Anom iki ora yuswa panjang... Ing taun 1822, penjenengane surut lan ninggal putra ingkang lagi yuswa 3 taun.. Marga saka iku, Pangeran Diponegoro isih kagungan pangarep-arep bisa nglingsir kalenggahaning keng rayi... Nanging, Gubermen Walanda ora sarujuk.. Sebab, ing 1822, Residen Walanda, Baron de Salis malah misuda Pangeran Gathot Menol ingkang isih yuswa 3 taun minangka Sultan Ngayogya kanthi gelar, Sultan HB V.. Kejaba iku, Pangeran Diponegoro, Pangeran Mangkubumi, lan Ibu Suri (Garwa Prameswari HB IV) kawisuda minangka Wali Negari... Para pengageng iku di tugasi ndamping keng Sultan mrentah negari nganti Sultan dewasa lan bisa mrentah dewe...

Mesti wae iki ndadekKe ora renane penggalihe Pangeran Diponegoro... Mula, penjenengane milih mundur lan metu saka lingkungan keraton... Diponegoro rumangsa asor amarga kudu tunduk dening putusane Walanda, lan kudu nyembah Raja ingkang isih cilik... Nanging, aturan lan tata cara keraton pancen kudu mangkono...

Senajano klebu minangka anggota perwalian, Pangeran Diponegoro arang di libatke ing urusan negari.. Malah, rikala penjenengane nglaporke masalah ingkang njiret para kawula, penjenengane ora pikantuk pelayanan ingkang kepenak... Wekasan, Pangeran Diponegoro metu saka Dewan Perwalian, lan ora nate maneh nderek cawe-cawe urusan keprajan..

Masio Pangeran Gathot Menol ingkang jumeneng nata, nanging ing kasunyatane, pamrentah krajan di cekel dening Patih Danurejo... Kamangka, sang Patih iki gampang di pengaruhi lan tunduk banget marang Gubermen.. Bab iki njalari penggalihe Pangeran Diponegoro ora lila yen budaya keraton kecampur budaya "njaba" ingkang ora gathuk marang budaya Jawa lan agama Islam ingkang dadi kapitayanNe.. Diponegoro minangka Pangeran ingkang taat mring ajaran lan hukum Islam.. Penjenengane uga minangka Ulama ingkang remen maos kitab-kitab sujarah, Sastra, lan agama...

Ana candhak'e..