Perang Diponegoro (Perang Jawa).. De Java Oorloog.. 1825-1830.. Part 15..

Pangeran Diponegoro uga pikantuk pambyantu saka Mancanagara (brang Wetan), kaya Bupati Ngawi, Arya Wirotani, Pangeran Mangunprawiro, putra Bupati Purwodadi, lan Pangeran Mangunegoro, putra Bupati Madiun...

Sawetara iku, laskar ingkang di pandegani dening Wirotani, kasil nguwasani Ngawi, saingga dalan Solo tumuju Surabaya ketutup, lan pelayaran Bengawan Solo lan Madiun uga ketutup...

Rikala 9 Oktober nganti 5 November 1828, wadya bala Walanda kumpul lan nyerbu daerah Padangan, saingga Ngawi karebut dening Walanda... Banjur, Diponegoro ngutus Tumenggung Amat Aris tumuju Ngawi saperlu biyantu Mangunegoro...

Laskar Diponegoro uga pikantuk pambyantu saka kawula ing wilayah Gunung Wilis lan Gunung Lawu... Laskar kasebut banjur mlaku tumuju daerah paprangan ing sak idenging gunung Merapi... Wusana, 17 November 1828, ing sak perenge Merapi, wus kumlebet gendera kuning lan abang putih.. Iki mratanda'ake yen Pangeran Diponegoro wis dangan saka "tatu-tatuNe"...

Sak liyane iku, Walanda uga nekakNe serdadu saka Ambon, Manado, lan Sumenep.. Landa uga pikantuk sokongan saka Pakualaman lan Legiun Mangkunegaran.. Pulo Jawa banjur di para dadi pirang-pirang daerah, lan saben daerah di jaga tentara pamrentah Walanda...

Ing Ngayogyakarta, Landa kasil mengaruhi Pangeran Notodiningrat, saingga penjenengane, garwa, Ibu, lan 200 penderek'e pasrah marang Landa.. Iki ndadek'ake Jenderal De Kock saya getol nyedhak'i para pengageng laskar Diponegoro.. Malah, Landa njanjeni pangkat, kalenggahan, lan bebana ingkang akeh kagem Pangeran Diponegoro yen kersa mungkasi paprangan lan nyengkuyung Pamrentah Hindia Walanda...

Sewulan sak banjure, Landa kasil nggandeng Senopati laskar Diponegoro, yaiku Pangeran Arya Papak, lan Tumenggung Arya Sosrodilogo... 20 Desember 1828, laskar Diponegoro nglurug Benteng Nanggulan.. Ing madyaning ronanggana, Kapten Van Ingen njrebabah ndepani bantala... Nanging, pihak Diponegoro kelangan Senopati pilih tandhing... Pangeran Prangwedono gugur dadi kusumaning bangsa...

Ana candhak'e...