Perang Diponegoro (Perang Jawa)... De Java Oorloog.. 1825-1830.. Part 14...

Pangeran Basah Sastrodilogo kundur menyang Ngayogya lan sowan Pangeran Diponegoro... Nanging, kadange anom ingkang asma Raden Bagus di rangket dening Bupati Kertosono ingkang mihak Landa... Saingga, ing 3 Oktober 1828, Sastrodilogo kepeksa pasrah demi njaga kawilujengane keng rayi...

10 Oktober 1828, pihak sak kloron akur gelar rundingan... Rundingan iki di gelar ing Gamping, sak kulonNe kutha Ngayogya... Pihak Walanda di wakili dening Kolonel Roeps, lan pihak Diponegoro di wakili Tumenggung Mangun Prawiro.. Nanging, rundingan iki gagar wigar tanpa karya.. Mula, Diponegoro di derekKe dening Pangeran Ngabehi, ngasta laskare tumuju daerah Jamus, tapal wates Kedu...

Banjur, Pangeran Mangkubumi ngasta kulawarga Diponegoro lan para kerabat menyang pegunungan Tranggeneng... Sawetara iki, para putra Diponegoro tetep ngobarake paprangan ing Cengkowo, ing sak pinggiring kali Bogowonto... Para putra Diponegoro iki, banjur ngasta laskare ingkang ana ing Bagelen tumuju daerah Rembang, Madiun, Kediri, nganti wilayah Mancanagara (wilayah bang Wetan)...

Nanging, rikala ngaso ing daerah Pangasi lan Sambiroto, laskar iki kinepung.. Sebab, Walanda wis mbangun Benteng ing wilayah kasebut ing antarane ing Minggir, Kemloko, Grobyak, Bligo, Minggiran, Bantul, Brosot, lan Kwarasan.. Bejane, Laskar Sentot ingkang wis balik saka Pengasi nyawiji marang laskar Diponegoro.. Saingga, wadya bala iki kasil lolos saka kupengane Landa...

Ing 31 Oktober 1828, ing wilayah Pajang, Kyai Mojo nganani rundingan klawan Landa ingkang nguwasani daerah Mlangi sing di wakili dening Pangeran Wironegoro... Pihak Walanda nyuwun supaya bisa "gencatan senjata" karo laskar Diponegoro...

Nanging rundingan iki ora ngasilake apa-apa.. Sebab Kyai Mojo ora di pangestoni dening Pangeran Diponegoro... Mula, ing tanggal 11 November 1828, Kyai Mojo di rangket Walanda ing Bancer, Kemloko.. Wusana, Kyai Mojo ingkang minangka pangawak'e laskar Diponegoro, pasrah marang Landa.. Bab iki mesti wae ndadek'ake penggalihe Pangeran Diponegoro lan para laskar muwun... Nanging, Diponegoro tetep tatag, lan ora kersa nyerah marang Landa, lan tetep ngobarake paprangan...

Ana candhak'e...