Perang Diponegoro (Perang Jawa)... De Java Oorloog.. 1825-1830.. Part 13..

Perang Diponegoro (Perang Jawa)... De Java Oorloog.. 1825-1830.. Part 13..

Kekalahan sing di sangga De Kock malah saya gawe nekad.. De Kock nyuwun tambahan anggaran marang Pamrentah Pusat... RencanaNe, dana iku arep di kanggoKe mbangun Benteng Stelsel sing bisa ngrapetKe obah mosik'e laskar Diponegoro ing daerah-daerah ingkang wis di rebut Walanda... Ing pangajab, cara iki bisa kanggo ndeseg Diponegoro supaya kersa di jak rundingan...

Ing awal paprangan, siasat ingkang di terapKe Walanda yaiku ngoyak kanggo ngrangket Diponegoro.. Nanging iki malah gawe kapitunane Walanda.. Mula, ing November 1826, Walanda nlusupKe Kyai Sentono minangka mata pita ing jroning laskar Diponegoro... Adedasar pelapuran Kyai Sentono, Landa banjur ganti siasat...

Landa wis ora mligi ngoyak Diponegoro, nanging ngetrapKe siasat pangepungan... Mula, Walanda mbangun Benteng lan pos-pos pertahanan utawa ingkang di arani Benteng Stelsel.. Banjur, ing wilayah Mataram, kaya ing Bantul, Paluwatu, Pasargede, Jatinom, lan Delanggu, thukul benteng-benteng Landa kang bakoh... Malah, kira-kira nganti 165 benteng ingkang di bangun Landa kanggo ngepung laskar Diponegoro...

Sak liyane iku, akeh para Bupati ingkang biyantu Landa.. Mesti wae bab iki njalari saya abote laskar Diponegoro anggone "berkomunikasi"... Mula, perlawanan Diponegoro dadi gampang di bendung... Malah, laskar Bulkiyo ngadepi wektu-wektu kang abot...

Ing madyaning wektu susah iku, Diponegoro ngumpulKe para Senopati lan Sesepuh kanggo ngrebut kahanan ingkang banget ora nyenengake iku... "Pertemuan" di gelar ing Pesanggrahan Bagelen.. Para senopati sarujuk, perlawanan tetep terus di gelar nganti kamardikan kagayuh ing Tanah Jawa... Akibate, akeh para laskar ingkang dadi banten...

Wekasan, Pangeran Kusumowijoyo utawa Pangeran Serang ingkang ngobong perlawanan ing keraton Surakarta, gugur ing payudan... Nganti keng garwa, Nyi Ageng Serang uga gugur ing Dekso, Kulonprogo... Ora suwe, Tumenggung Prawodigdoyo saka Gagatan uga gugur ing ronanggana... Penjenengane gugur rikala prajurit ngadepi tentara Landa ingkang cacahe mathikel-thikel kanthi senjata bedil lan meriem..

Siasat Benteng Stelsel njalari prajurit Diponegoro saya kwalahan... Ing 27 Maret 1828, Dipokusumo, putra Diponegoro, pasrah marang Susuhunan Surakarta... Banjur, ing 21 Juli 1828, Pangeran Notoprojo uga pasrah marang Landa ingkang di pandegani dening Kolonel Cleerens rikala Perang ing Pleret..

Sak liyane iku, putra Diponegoro liyane lan Sentot Prawirodirjo, gelar paprangan ing sak idenging kali Bogowonto.. Rikala 30 September nganti 1 Oktober 1828, tekan wilayah Rejasa ing sak cedhak'e Benteng Wunut.. Sentot lan para putra Diponegoro, nyerang Landa ingkang di pandegani dening Mayor Bsckhens.. Nanging, serangan iku ora kasil lan mundur nganti tekan Kroya,Cilacap...

Mayor Busckhens terus ngoyak laskar Diponegoro... Ing Kroya, pecah Perang maneh.. Wekasan, Putra Diponegoro kasil nggebug mundur Landa, lan kasil ngrebut senjata Landa arupa 400 bedil lan piro-piro meriem.. Wilayah Bagelen banjur di kuwasani dening Pangeran Prawirokusumo..

Ana candhak'e..