Perang Diponegoro (Perang Jawa).. De Java Oorloog... 1825-1830.. Part 12..

Perang Diponegoro (Perang Jawa).. De Java Oorloog... 1825-1830.. Part 12..

Rikala di sepakati "gencatan senjata", Landa bakal nyusun maneh kekuatanNe.. Sak liyane iku, Landa uga nyebar mata pita lan "provokator" ing desa-desa lan kutha-kutha kanggo manas-manasi, mecah belah, lan menet kulawarga para Pangeran lan Senopati ingkang nderek Diponegoro... Senajan mangkono, ora ana prajurit pribumi ingkang gigrig mungsuh Landa..

Pas rame-rameNe Perang, Hindia Walanda ngetokKe 23.000 serdadu.. Iki durung nate di lakoni Landa, nimbangi yen wilayah Jawa Tengah lan Jawa Wetan iku dudu wilayah sing amba.. Mula, yen di sawang saka netra kaprajuritan (militer), Perang iki migunake kabeh cara perang modern, mbuh kui cara adu arep (perang terbuka), utawa dhedhemitan (gerilya), sing di leksanani kanthi siasat nyerang, ndelik, lan ngadang...

Siasat kasebut wis dudu kawastani perang suku, nanging perang modern sing migunake maneka warna cara, kaya perang urat syaraf mawi "tekanan-tekanan, provokasi kanggo sapa wae ingkang njegur langsung ing pabaratan... Sak liyane iku, Landa apa dene Diponegoro uga masang Telik Sandi (intelijen) kanggo golek'i kelemahan, lan jumlah kekuatan lawan..

Paprangan pecah maneh ing sak idenging Mataram... Diponegoro uga kasil ngrebut Imogiri lan Pleret, di susul Delanggu, Lengkong, lan Kasuran... Ing pancakara iku, Keraton Surakarta, Pakualaman, lan Mangkunegaran ana ing pihak Walanda... Laskar Tumenggung Surorejo kasil ngejur Legiun Mangkunegaran.. Diponegoro uga kasil ngrebut markas Walanda ing Prambanan, lan kasil ngrampas meriem-meriem Walanda...

Ing wilayah Rembang, Bojonegoro, Pati, Walanda teluk dening laskar Sukowati kang kapandegani dening Tumenggung Kartodirjo... Pertahanan Walanda ing Madiun uga remuk dening Pangeran Serang lan Pangeran Syukur... Ing Dekso, Sentot Prawirodirjo kasil numpes meh kabeh serdadu Landa.. Nanging, Jenderal Van Geen, Kolonel Cochius, Pangeran Murdoningrat, lan Pangeran Panular kasil lolos saka terjangan Sentot....

Ora suwe, Pangeran Murdoningrat, Pangeran Panular, lan Letnan Habert bali nyerang laskar Diponegoro... Ing paprangan iki, Letnan Habert tumekaning pati ing astane Pangeran Diponegoro..

Prajurit Surakarta ingkang nglawan Diponegoro, uga ajur ing Delanggu... Benteng Gowok ingkang di jaga dening Kolonel Le Baron, uga kasil di rebut... Nanging ing paprangan iki, Pangeran Diponegoro ketembak ing dada lan samparan... Wusana, Diponegoro dawuh marang Sentot supaya mundur... Amarga, miturut Pangeran Diponegoro, tujuan Perang iki yaiku nglawan Landa, dudu sapada wong Jawa... Kamangka, kari selangkah meneh, keraton Surakarta bisa karebut...

Ana candhak'e...