Perang Diponegoro (Perang Jawa)... De Java Oorloog... 1825-1830.. Part 11...

Amarga prajurit Diponegoro asring nyerang dadak'an, kaya dene caraNe Raden Mas Said utawa Pangeran Samber Nyawa, mula kawit April 1826, Jenderal De Kock mimpin "Operasi Penumpasan Pemberontakan" kanthi langsung.. Kanggo ngendani thukule kekacauan ing wilayahe jalaran prilakuNe para pambrontak, penjenengane mbangun Benteng-benteng cilik sing di gawe "saling terhubung" antar distrik... Ing sawetara iki, Surakarta di dadekNe basis prajurit Landa kanggo nglurug Ngayogyakarta..

Sak banjure, De Kock nyiagakKe para prajurit ing antarane Benteng-benteng, lan nglakoni ngronda kanthi teratur... Sak liyane iku, De Kock uga nyebar telik sandi kanggo nlusub ing sak tengahing kawula supaya bisa nemokKe ngendi dununge Diponegoro...

Jenderal Van Geen malah wis kasil ngrebut Demak ingkang wis di kuwasani laskar Diponegoro.. Sak liyane iku, Letnan Kolonel Chosius, andahane De Kock, ngusulke cara kanggo ngrangket Diponegoro, yaiku nganggo cara Sayembara kanggo para kawula.. Gubermen Hindia Walanda bakal maringi bebana arupa duit cacahe 20.000 real kanggo sapa wae sing bisa ngrangket pangeran Diponegoro... Nanging, sayembara iku ora di rewes.. Sebab para kawula pada nyengkuyung perjuangane Pangeran Diponegoro..

Mula Perang gede ora bisa di endani maneh.. Prajurit Infanteri, Kavaleri, Artileri pada di suntakKe.. Ajang paprangan uga thukul ing padesan lan kutha-kutha sak idenging Jawa..

Para Senopati uga miguna'ake kahanan alam minangka dasar kanggo nyusun siasat Perang... Para laskar asring nganakKe serangan rikala udan deres.. Sebab, udan tropis kasil ngrendet lakuNe prajurit Landa.. Kejaba iku, pageblug kaya Malaria, Disentri, lan sak panunggalane, uga dadi mungsuh sing "tan kasat mata" sing ndadek'ake loyoNe jasmani, lan ngedunKe mental, kepara malah njalari tumekaning pati... Mula, ing wektu ingkang mangkono, Gubermen Hindia Walanda ngajak ing meja rundingan....

Ana candhak'e..